Basantara
Basantara, tembung garba saka 'basa' lan 'antara' yaiku basa sing digunakaké ing paguneman antara klumpukan wong sing beda basa biyungé. Mliginé arupa basa katelu sing séjé saka basa sing dicatur asli dening kaloro panutur. Basa iki uga karan basa parantara, basa dedagang, utawa basa umum.[1]
Basantara wis ngrembaka ing saindhenging donya salawas babading manungsa. Kadhang amarga kanggo niaga (saéngga karan "basa dedagang" murih tumindak dol tinuku bisa kalakon). Bisa uga jalaran liya kaya kabudayan, agama, diplomasi, administrasi, lan kanggo lelinton desana (pertukaran informasi) antar nimpuna saka séjé nagara. [2] [3] Tetembungan iki karan 'lingua franca' ing basa Inggris sing dijupuk saka 'Mediterranean Lingua Franca' (basantara Segara Tengah) abad tengahan. Yaiku basa pijin birid basa Roman sing piguna dening bakul-bakul ing cekungan Sagara Tengah wiwit abad ka-11 nganti abad ka-19.[4] Basa donya —basa sing dicaturaké akèh wong saka manèka nagara— manawa bisa karan basantarané donya.[5]
- ↑ Viacheslav A. Chirikba, "The problem of the Caucasian Sprachbund" in Pieter Muysken, ed., From Linguistic Areas to Areal Linguistics, 2008, p. 31. ISBN 90-272-3100-1
- ↑ Nye, Mary Jo (2016). "Speaking in Tongues: Science's centuries-long hunt for a common language". Distillations. 2 (1): 40–43. Diarsip saka sing asli ing 3 August 2020. Dibukak ing 20 March 2018.
- ↑ Gordin, Michael D. (2015). Scientific Babel: How Science Was Done Before and After Global English. Chicago, Illinois: University of Chicago Press. ISBN 9780226000299.
- ↑ Italian-Based Pidgins and Lingua Franca. Oceanic Linguistics Special Publications. Vol. 14. 1975. kc. 70–72.
- ↑ Woll, Bensie (22 March 2022). "English of often considered the de facto global language..." University College London Culture Online. University College London. Dibukak ing 17 October 2024.