Menyang kontèn

Basa cures

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tulisan Eteocypriot, Amathous, Siprus, 500–300 SM, Museum Ashmolean

Basa cures utawa basa pati yaiku basa sing ora ana manèh panyatur asliné sing isih urip. [1] Basa jinem (dormant) yaiku basa pati sing isih dadi lambang paridhiri (identitas) kanggo sawijining suku. Basa iki kerep ngalami tumindak revitalisasi. [2] Basa sing ndarbè panyatur asli karan basa modhèren utawa basa sing tansah urip kanggo mbédakaké karo basa pati, utamané ing babagan pandhidhikan.

Basa bisa cures amarga anané linakon asimilasi budaya sing njalari prastawa malih basa. Uga amarga akeh panyatur asli sing luwih demen piguna basa manca sing dadi basantara.[3] [4] [5]

Ing taun 2000-an, gunggung kurang luwih 7.000 basa wis cures ing donya. Akèh-akèh saka basa iki yaiku basa-basa cilik sing panyaturé namung sathithik lan kaancam cures. Pametungan sing dibabar taun 2004 ngandharaké manawa 90% basa sing digunakaké ing taun semana bisa cures ing taun 2050.

  1. Matthews, P. H. (2007-01-01), "dead language", The Concise Oxford Dictionary of Linguistics (ing basa Inggris), Oxford University Press, doi:10.1093/acref/9780199202720.001.0001, ISBN 978-0-19-920272-0, dibukak ing 2021-11-14
  2. "What is the difference between a dormant language and an extinct language?". www.ethnologue.com. 15 February 2013. Diarsip saka sing asli ing 2 January 2022. Dibukak ing 2023-07-29.
  3. Byram, Michael; Hu, Adelheid (2013-06-26). Routledge Encyclopedia of Language Teaching and Learning (ing basa Inggris). Routledge. ISBN 978-1136235535.
  4. Walt, Christa Van der (2007-05-01). Living Through Languages: An African Tribute to René Dirven (ing basa Inggris). AFRICAN SUN MeDIA. ISBN 9781920109707.
  5. Hall, Christopher J.; Smith, Patrick H.; Wicaksono, Rachel (2015-05-11). Mapping Applied Linguistics: A Guide for Students and Practitioners (ing basa Inggris). Routledge. ISBN 978-1136836237.