Basa Nurwègen
Nurwègen | |
---|---|
norsk | |
Pangucapan | [nɔʂk] |
Asal | Nurwègen (4.8 juta), Amérikah Sarékat (80,000) Dhènemarken (15,000) Kanada (10,000) |
Laladan | Karajan Nurwègen, Nagara-nagara Nordik, Dakota, Minnesota, Wisconsin (Amérikah Sarékat) |
Panyatur asli | 5 juta Bangsa Nurwègen (tanpa surya) |
Indo-Éropah
| |
Rupa baku | Nynorsk (resmi)
|
Latin (Varian Nurwègenn) | |
Status resmi | |
Basa resmi ing | Nurwègen Dewan Nordik |
Diatur déning | Dewan basa Nurwègen (Bokmål dan Nynorsk) Akademi Nurwègen (Riksmål) |
Kodhe basa | |
ISO 639-1 | no – Nurwègenn |
ISO 639-2 | [[ISO639-3:nor – Nurwègenn |
ISO 639-3 | nor – sandi inklusifsandi tunggal: nob – Bokmål nno – Nynorsk |
Linguasphere | 52-AAA-ba to-be & |
Basa Nurwègen (Basa Norsk) yaiku basa Jermanik kanthi udakara 5 yuta panutur ing Nurwègen, Swèdhen, Kanada, lan AS.
Sajarah[besut | besut sumber]
Basa tulis Skandinavia kang sepisanan dingertèni yaiku basa Nurwègen Kuno utawa Dansk tunga (ilat Denmark), kang ana sajeroning tulisan Rune saka udakara 700 M menduwur. Antarané 800 lan 1050 M sawiwjining pérangan wwit ana antarané Norse Timur, kang ngrembaka ing basa Swèdhen lan Denmark, lan Nurwègen Barat, kang ngrembaka ing basa Nurwègen, Faroe, lan Islandia. Pendudukan Viking nyebaraké logat Nurwègen Barat ing Orkney, Shetland, Pulau Man, Sekotlan Barat, Hebrida, Irlandia, KapuloanFaroe, Islandia, lan Tanah Hijau.
Wiwitané sastra Nurwègen, mligi puisi lan prosa sajarah, ditulis nggunakaké basa Norse Barat lan maju antarané abad ke-9 lan 14. Sawisé iku Nurwègen kalebu Swèdhen banjur kekuasaan Denmark. Basa Nurwègen terus dituturaké nanging basa Denmark minangka ancas resmi, minangka basa sastra lan sajeroning pendidikan tinggi.
Sawisé Nurwègen pisah saka Denmark ing 1814, basa Denmark terus digunakaké ing sekolah nganti 1830-an, nalika obahan pambentukan basa kebangsaan lagi ana. Pamikiran samburiné perobahan yaiku basa Denmark katulis béda nganti basa katulis Norwegiane angèl disinaoni, lan amarga dipercaya yèn saben nagari kudu duwé basa dhéwé.
Ana debat temenan ngenani kepriyé ngupayakaké panyiptanan basa nasional lan 2 basa tuwuh-Landsmål (basa nagari), dhedhasar basa paclathon Nurwègen lan logat laladan, mligi logat Nurwègen Barat, lan Riksmål (basa nasional), dhedhasar dialèk pinilih lan Norse Kuno, diresikakaké saka panyilihan asing lan mèmper basa Denmark tinulis.