Dhialèk Sérang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Jawa Banten)
Jump to navigation Jump to search

Basa Jawa Banten utawa dhialèk Banten iku dhialèk basa Jawa kang mligi dicaturaké ing saloring provinsi Banten, turut pasisir[1]. Miturut sajarahé wiwit dituturaké ing jaman Kasultanan Banten (abad 16). Ing jaman iku, basa Jawa kang dituturaké ing Banten ora ana bedhané karo basa Jawa ing Mataram. Nanging, sawisé iku basa Jawa ing Banten wiwit katon bedané, apa manèh tlatah pinuturé diubengi karo tlatah basa Sundha lan basa Batawi. Cacahé panutur ana sakiwa-tengené 500.000 jiwa.

Basa iki dhadi basa utama ing Kasultanan Banten kang manggon Kedhaton Surosowan, lan uga dhadi basa dina-dinaning warga Banten mligi ing sisih lor lan tlatah kulon Kabupatèn Tangerang.

Tuladha tembung dhialèk[besut | besut sumber]

Tuladha tembung ganti jeneng[2]:

  • Wong kesiji: isun, rèang, iyang, kite : aku. Rupa kramané kule.
  • Wong keloro: andike=ndika, sire=kowé
  • Wong ketelu: dèwèkè=dhékné (ngoko), piambeké=piyambekipun (krama).

Tuladha tembung penunjuk[2]:

  • kien, kih=iki, kiyé
  • kuwen=iku, kuwé
  • kuh, koh, kah=kaé
  • kaen=kaé

Dhialèk iki dianggep dhialèk kuna lan akèh persisé karo dhialek Cerbonan sanajan ana prabawa basa Sundha lan Batawi.Tuladha ukara:

  • Aja bribin! (kawacan Aje): Aja ngisruhi!
  • Sire arep mendhi? (sire iku kasar): kowe arep menyang ndhi?
  • Mak lunga jeng Teh Toyah: Emak lunga karo Mbak Toyah

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Iskandarwassid; Mulyana, Yoyo; Hudari, Agus; Syarif, Tiem Kartini Syahrul (1985). Struktur Bahasa Jawa Dialek Banten. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. k. 6. 
  2. ^ a b Di Karia, Mas Mangoen (1914). Dialect Djawa Banten. Batavia: G. Kolff & Co. k. 7.