Basa Galig

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Scottish Gaelic
Gàidhlig na h-Alba
Pangucapan [ˈkɑːlʲəkʲ nə haˈɫapə]
Asal Sekotlan, Kanada
Laladan Scottish Highlands, Western Isles, Cape Breton, Nova Scotia; formerly all of mainland Scotland except the south-eastern part (parts of Lothian and Borders).
Panyatur asli
58,652 (Scotland, 2001 census) (Uga delengen Pranala njaba below) (tanpa surya)
Status resmi
Basa resmi ing
Sekotlan
Diatur déning Bòrd na Gàidhlig
Kodhe basa
ISO 639-1 gd
ISO 639-2 gla
ISO 639-3 gla

Basa Gaelik Sekotlan (Gàidhlig) dituturake udakara 60.000 wong ing Sekotlan (Alba), utamane ing Highlands (a' Ghaidhealtachd) lan ing Western Isles (Na h-Eileanan an Iar), nanging uga ing Glasgow (Glaschu), Edinburgh (Dùn Eideann) lan Inverness (Inbhir Nis). Ana uga komunitas panutur Gaelik cilik ing Kanada, utamane ing Nova Scotia (Alba Nuadh) lan ing pulo Cape Breton (Eilean Cheap Breatainn). Panutur liyane uga bisa ditemoni ing Australia (Astràilia), Selandia Baru lan Amerika Serikat (Na Stàitean Aonaichte).

Sajarah[besut | besut sumber]

Basa Gaelik Sekotlan uga gegayutan karo basa Manx lan Irlandia lan digawa ing Sekotlan udakara abad ke-4 M déning wong-wong Sekotlan saka Irlandia. Basa Gaelik Sekotlan dituturake ing sakubenge Sekotlan (saliyane saka laladan rada kidul wetan lan lor wetan) antarane abad kaping 9 lan 11, nanging wiwit mundur ing lor lan wetan saka abad kaping 11 lst. Sakabehing logat basa Gaelik Sekotlan sacara gegayutan bisa dingerteni, lan basa Irlandia katulis bisa dingerteni nganti tingkat dhuwur.

Tulisan basa Gaelik Sekotlan kang bisa dingerteni wiwit pisanan ya iku cathetan sajroning Book of Deer kang ditulis ing Sekotlan lor wetan ing abad kaping 12, senajan basa Gaelik Klasik katulis kang umum sinamun amba saka pambeda antarane basa Gaelik Sekotlan lan Irlandia.

Alfabet Basa Gaelik Sekotlan[besut | besut sumber]

Basa Gaelik Sekotlan ditulis kanthi 18 huruf kang saben hurupe disebutake sawise siji wit utawa sesemakan. Sakabehing hurup mati nduwèni luwih tinimbang 1 pangucapan kang manut karo panggone sajroning tembung lan hurup urip ndisiki utawa meloni.

Tandha hurup mati (Àà, Èè, Ìì, Òò lan Ùù) minanngka tandha versi dawa hurup urip, nanging ora dianggep minangka hurup kapisah. Tulisan Gaelik (uncial) kang luwih tua utawa "corr litir" wis ora digunakake nganti pirang-pirang abad ing Sekotlan, lan wis ora digunakake sajroning basa Gaelik cetak. Tulisan uncial tetep digunakake ing Irlandia ya iku ing tandha dalan lan pawarta umum. Ortografi basa Gaelik Sekotlan diatur ing pungkasan 1970-an.

Pangucapan[besut | besut sumber]

Hurup mati lan uni rangkep[besut | besut sumber]

Fuaimreagan (hurup mati)[besut | besut sumber]

[i] i, io

[e] e, ea, ei

[ε] ea

[a] a, ai, ea

[O] o, oi, eo

[o] o, (oi)

[u] u, ui, iu

[X] agh/adh, oi

[uu] (ui)

[i:] ì, ìo

[e:] é, éi, eu

[ε:] è, èi

[a:] à, ài, eà

[O:] ò, òi, eò

[o:] ó, ói

[u:] ù, ùi, (iù), iùi, (u), io

[X:] agh/adh+huruf hidup

[uu:] ao, aoi

Dà-Fhoghair (hurup rangkep)[besut | besut sumber]

[iuh] ia

[uuh] ua

[ia] eu

[ai] ai

[ei] ei

[Xi] oi/ei/ai

[uui] ui/aoi

[au] a/ ea

[Xu] o

Connragan (hurup mati)[besut | besut sumber]

Connragan leathann utawa hurup mati atos ya iku kang diwiwiti utawa dieloni a, o utawa u. Connragan caola utawa hurup mati alus ya iku kang diwiwiti utawa dieloni i utawa e. Akeh-akehe hurup mati ngucapake pangucapan kang béda manut marang apa kang muncul ing wiwitan tembung utawa kang liyane. Hurup mati ing ngarepe tembung-tembung basa Gaelik jero bakal owah sajroning maneka warna konteks. Proses iki dikenal minangka "lenition" lan nglibatake panambahan <h> sawise hurup purwa. Hurup kang ditimbulake ya iku suathaich utawa uni desah.

Suathaich (uni desah)[besut | besut sumber]

bh, mh [v, w]

ch [x]

dh, gh [γ]

fh

ph [f]

sh, th [h]

Ungkapan dhasar[besut | besut sumber]

  • Basa Gaelik: Gàidhlig (GAH-lick)
  • sugeng rawuh: fàilte (FAL-tyuh)
  • tulung: mas e do thoil e (mah SHEH daw HOL eh)
  • matur nuwun: tapadh leat (TAH-pah let)
  • nyuwun pangapunten: tha mi duilich (hah mee DOO-leekh)
  • punika: am fear sin (am fer SHIN)
  • pinten?: cia mheud (kah VIT)
  • Basa Inggris: Beurla (BYER-luh)
  • iya: tha (hah)
  • ora: chan eil (chan YIL)
  • aku ora ngerti: chan eil mi a' tuigsinn (khan YIL mee uh TOOK-shin)
  • ing ngendi kiwane?: càit a bheil an taigh beag? (KATCH-uh vil an TUH-eeh bik)
  • pakurmatan umum: slàinte (SLAN-tyuh)

Pranala njaba[besut | besut sumber]