Menyang kontèn

Basa-basa ing Papua Niu Guinéa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Papua Niu Guinéa, sawijiné nagara wisésa ing Oséania, minangka nagara kanthi basa paling maneka rupa ing donya. [1] Ethnologue, sawijiné sumber, ngandharaké yen ana 840 basa sing isih dicatur nganti saiki ing nagara iki, sanadyan udakara gunggungé bisa séjé-séjé amarga basa lan carabasa bisa dimangertèni béda-béda. [2] [3] [4] Ing 2006, Nayakotama Papua Niu Guinéa Michael Somare kandha “Papua Niu Guinéa ndarbè 832 basa sing isih dicatur kanthi sapréné (basa, dudu carabasa)." [5] 25 saka basa-basa iki diakoni kanthi resmi. Basantara nagara iki (lan minangka basa saben dinan sawetara padunung) yaiku basa Tok Pisin lan basa kreol birid basa Inggris (sanadyan basa Inggris baku umumé dianggo ing rèh, pawiyatan, lan tetulisan resmi). [4] [6]

Akèh-akèh basa-basa iki kalebu basa pribumi Papua sing mangun sprachbund saindhenging pulo Papua. Maneka basa Austronesia uga dicatur ing nagara iki, sing akèh-akèh kalebu basa Oséania Kulon. Basa-basa kaya basa Kapuloan Admiralty lan basa Polinesia Ellicean–Outlier uga dicaturaké ing sawetara pulo-pulo jaba. Wiwit pungkasan abad ka-19, basawangsa Jérman Kulon, yaiku basa Inggris lan basa Jérman, uga dicatur lan dadi basa kreol kaya basa Tok Pisin, basa Kreol Supitan Torres, lan basa Unserdeutsch.

Basa-basa sing wis diakoni kanthi ukum yaiku basa Tok Pisin, basa Inggris, basa Hiri Motu, lan Basa Sasmita Papua Niu Guinéa. [7] Basa Sasmita Papua Niu Guinéa minangka basa kapapat sing diakoni kanthi resmi ing Mei 2015. Basa iki diguna dening para tuna rungu ing saindhenging nagara iki.

  1. ↑ Krishnan, Varun B. (7 August 2019). "Which Country Has Most Number of Languages? Not India". The Hindu (ing basa Inggris). Dibukak ing 14 February 2022.
  2. ↑ "Papua New Guinea - Melanesian, Austronesian, Pidgin | Britannica". www.britannica.com (ing basa Inggris). 2025-08-23. Dibukak ing 2025-08-24.
  3. ↑ "Papua New Guinea". Ethnologue.
  4. 1 2 "Papua New Guinea Languages". FamilySearch Wiki (ing basa Inggris). 2024-03-21. Diarsip saka sing asli ing 2024-07-08. Dibukak ing 2025-08-24.
  5. ↑ "Papua New Guinea's Incredible Linguistic Diversity". The Economist. 24 July 2017. Dibukak ing 20 July 2017.
  6. ↑ "Tok Pisin | History, Grammar & Vocabulary | Britannica". www.britannica.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-08-24.
  7. ↑ Silva, Diego B. (2019). "Política Linguística Na Oceania: Nas Fronteiras da Colonização e da Globalização". Alfa: Revista de Linguística. 63 (2): 317–347. doi:10.1590/1981-5794-1909-4.