Bapak Pocung
Bapak Pocung inggih punika salah satunggaling tembang macapat Pocung ingkang asalipun wonten ing tanah Jawi. Tembang macapat Pocung punika kadadosan saking 4 gatra utawi larik. Guru wilangan saha guru lagunipun inggih punika 12u, 6a, 8i, 12a. Watakipun tembang macapat Pocung inggih punika cakepan ingkang isinipun banyolan utawi bethékan.
Tembang macapat Bapak Pocung punika biasanipun dipunmirengaken minangka lelagon dolanan ing jaman rumiyin, ananging ing wanci sapunika sampun awrat dipunmirengaken dening laré-laré. Tembang Bapak Pocung ing jaman rumiyin dipunginakaken tiyang sepuh nalika badhe nilemaken larénipun ing wanci dalu.
Déné cakepanipun tembang Bapak Pocung punika kathah jinisipun, salah satunggaling cakepan saged kababar wonten ing ngandhap punika,
Cakepan
[besut | besut sumber]Bapak pucung dudu watu dudu gunung (Bapak pucung dudu watu dudu gunung)
Sangkamu ing sabrang (Berasal dari tanah sebrang)
Ngon ingone Sang Bupati (Peliharaan Sang Bupati)
Yen lumampah Si pucung lambehan grana[1] (Jika berjalan, Si pucung melambaikan hidungnya)
Isi Tembang
[besut | besut sumber]Tembang Bapak Pocung ing nginggil punika minangka gambaran pekerja saha pengusaha ing pagesangan saben dinten. Saking tembang punika, saged dipungambaraken bilih pengusaha ingkang kagungan pangkat ingkang langkung inggil saha dipunpitadosi saged tumindak langkung adil saha arif. Saengga boten wonten beda-bedakaken tiyang setunggal kaliyan sanésipun. Saking pamanggih kasebut punika pengusaha saged dados patuladhan tumrap tiyang sanesipun.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Rahmia; Cyntara, Nisa Hayyu; Rheisnayu (2021-08-05). "Lirik Lagu Bapak Pucung, Salah Satu Contoh Tembang Macapat Pocung". kompas.com. Dibukak ing 2026-05-10.
{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
- ↑ Saputra, Gema Buana Dwi (2022-11-10). "Lirik Lagu 'Bapak Pucung', Lagu Dolanan Jawa Tengah dan Lengkap dengan Arti". Dibukak ing 2026-05-10.