Banyuwangen

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Banyuwangen iki salah siji tlatah ing Jawa Wétan sing parané ing pojok wétan Pulo Jawa. Pramila pernahé iku, akèh prabawa kajaban sing mlebu ing tlatah sing kadangkala diarani Bumi Blambangan iki.

Tlatah Banyuwangi diubengi pagunungan ing kulon, lan lautan ing kidul wétané. Dadi, tlatah iki ora akèh kaprabawa karo Budaya Mataraman lan Budaya Arekan. Prabawa sing paling kuwat mengaruhi tlatah lan budaya Banyuwangi iku saliyané prabawa Jawa, ya prabawa Bali lan Medura. Prabawa Bali paling katon ing kabudayaaning Banyuwangi amarga ing jaman biyèn Blambangan naté dadi siji pamaréntahan karo Karajan Bali.

Banyuwangi sugih karo anéka rupa kabudayan lan kasenian. Wong Banyuwangi, mligi Lare Using paling bangga karo bedhané kabudayané tinimbang tlatah Jawa liyané.

Seni Tradisi khas Banyuwangen[besut | besut sumber]

Banyuwangi duwé kasenian sing unik, asil paduan antaraning budaya Jawa, Islam lan Bali lan kerep dadi wakilé Jawa Wétan ing hajatan tingkat nasional saliyané tingkat lokal.

Seni Tradisi khas Lare Using iku antarané:

  • Janger Banyuwangen
  • Gandrung
  • Seblang
  • Hadrah Kunthulan
  • Angklung Caruk
  • Patrol
  • Drama Rengganis utawa Prabu Roro
  • Barong
  • Jaranan Butho
  • Gedhogan

Janger Banyuwangen[besut | besut sumber]

Saliyané Janger, kasenian iki uga diarani Dhamarulan utawa Jinggoan. Janger Banyuwangen iki milané saka seni drama Andhé-andhé Lumut, nanging samubar iku kesenian Andhé-andhé Lumut iki ing 1920an dipadukaké karo kasenian Tari Arja sing digawa saka Pulo Bali.

Kasenian campuran iki banjur diarani Jangeran lan dipentasaké ing panggung-panggung hajatan. Kasenian iki fungsiné tambah manèh ing jaman perang kamardikan, akèh para pejuwang sing nyamar dadi seniman Janger, saliyané supaya Walanda lan para teliksandhiné ora ngonangi, samaran iki mau dianggo dadi cara ngolèhi katrangan-katrangan sing mengkoné disebaraké ning para pejuwang.

Janger utawa Dhamarulan utawa Jinggoan iki banjur kasebar ning saindhenging Banyuwangi. Malahan nganti nyebar tekan tlatah Malang ing taun 1950an disebarké karo para wong Banyuwangi sing pindhah ning tlatah-tlatah mau. Kasenian iki intiné nyritakaké lakon Damarwulan lan Minakjingga. Lakon Minakjingga ing Banyuwangi digambarké dadi raja kang adil, apik tur merjuwangké kamardikané Blambangan saka prabawané Majapahit lan uga digambarké nduwé candra kang bagus, ora kaya gambaran Minakjingga saka carita Majapahit.

Sing khas saka kasenian iki, ya iku tata busana, tata gamelan, lan basa sing dipituturké. Tatabusanané nganggo tatabusana cara penari Arja saka Bali, gamelané nganggo gamelan Bali nanging lagu sing dipentaské lagu-lagu Banyuwangen, lan pituturané nganggo Basa Jawa alusan sing kerep panjenengan midhanget ing Kethoprak Kulonan.

Lakon Janger iki diwiwiti saka tari-tarian sing asalé saka Banyuwangi utawa Bali. Misalé ana sing mentaské Tari Pendhet utawa Legong Kraton, ana manèh sing mentaské Tari Gandrung, Punjari utawa Jaran Goyang. Nanging lazimé, nganggo Tari Panyembrama. Lumrahé pambukané ana punjul loro tari-tarian, lan sadurungé dibukak karo unjuk-unjuké gunungan lan kéwan-kéwan banjur ganti lakon ditengeri karo suwara mercon banting. Pagelaran Jangeran iki diwiwiti racaké saka jam 9 bengi nganti jago kluruk ing wayah subuh.

Gamelan sing dienggo ning kasenian Janger Banyuwangen iki ora béda karo gamelan Bali, ya ana gong, kecrek, kendhang, kethuk, reong, lan saron. Sok-sok ing sapérangan pertunjukan, ditambahi biola, jidor utawa angklung.

Janger iki ya ana gara-garané, lha racaké gara-gara iki arupa seni lawak kanggo nyegerké kahanan. Lumrahé lawakané nganggo Basa Using utawa campur Basa Indonésia. Salah siji golongan Janger sing paling misuwur ing Banyuwangi ya iku Madyo Utomo sing manggung ing Dusun Banje, Kacamatan Rogojampi lan Patoman sing asalé saka Désa Blimbingsari, Kacamatan sing padha. Saliyané loro iki ana pirang-pirang golongan Janger sing kasebar ing saindhenging Banyuwangi.

Ing jaman biyèn, para lakon wadon ing Janger iki para lanang sing nganggo klambhi wadon, namung saiki para wadon asli wis mlebu ning kesenian iki lan meranké bisa lanang lan wadon.

Gandrung[besut | besut sumber]

Gandrung artiné katresnan utawa dhemen banget apa yèn ing Basa Indonésia artiné tergila-gila. Gandrung wis dadi ciri tetengeré seni Banyuwangen. Asal usulé Gandrung iki rada kesaput ing pedhut, amarga milai abad 19 wis ana tandhak Gandrung lan misuwur ing jamané. Jaman semana Gandrung ditarèkaké karo wong lanang sing nganggo klambi wadon tur tindak lakuné kemayu. Nanging wong wadon pratama kang narèkke Gandrung iki jenengé Semi.

Ing taun 1895, Semi sing jaré umur 10 taun iku kena gering sing ora sumebyar. Simboké akiré nadhar yèn Semi waras arep didadèkaké Seblang, yèn ora ya wis utawa ing Using Adhung siro waras, sun dyadekeno Seblang, adhung sing yo sing. Banjur waras iku Semi didadèkaké Seblang, lan pramila iku si Semi ya nggabungké Seblang karo Gandrung ing jaman iku. Piyambaké wis tilar donya ing taun 1973. Lan Gandrung lanang pungkasan kacathet ing taun 1914.

Tarian Gandrung iki nganggé ciri kaya iki : Si tandhak nganggo omprok (makuta) sing corake Antasena (putrane Werkudara sing sirahe raseksa lan awake awujud naga). Nganggo busana sing kabuka pundhake, saliyané kelat bahu, jarit corak Gajah Oling lan kaos kaki warna putih. Saliyané iku, si Gandrung nganggé slendhang lan kadangkala kipas. Sajatiné Tari Gandrung iki sarumpun karo Jaipong, Tayuban, Lengger, Joget Bumbung lan Yapong, nanging ana gayane dhéwé-dhéwé.

Ing Gandrung asli, racaké si Gandrung kalebu siji kelompok seni. Biasane ana pemain biolane (lara), kendhang, kempul, kethuk lan kluncing (triangle). Dimilai samubare Isya' utawa jam 9 bengi nganti wayah Subuh, Gandrung akèh ditanggap racaké wayah Agustusan, sunatan, kawinan utawa Pethik Laut lan ajang mirunggan liyané. Dimilai karo Jejer sing dadi pambuka pentas Gandrung, saliyané nari si Gandrung ya kudu bisa nembang. Tembang-tembang sing kerep dinyanyekake ya iku :

  • Embat-embat
  • Chandra Dewi
  • Opak Apem
  • Punjari
  • Layar kumendhung
  • Krimping sawi
  • Seblang

Lan sapanunggale. Tembang-tembange Gandrung iki ora cuma dijupuk saka tembang-tembang Seblang sing wis kuna, nanging bisa waé njupuk saka lagu-lagu Banyuwangen sing lagi misuwur gandha arum, lagu-lagu Bali utawa Dangdut. Nanging tembang-tembang saka ritual Seblang tetep dipertahanke amarga iku dadi cikal bakale seni tembang Banyuwangi sing béda karo seni tembang Jawa lan Bali. Tembang-tembang Gandrung racaké mung papat baris lan ditembangke karo cara pendhek utawa cara dawa.

Samubare Jejer, diteruske ning acara Ngibing. Sadurungé si Gandrung iki nggawa baki sing dienggo dhuwit buwuhan. Biasane baki kosong iku mau dideleh ning ngarepe para penonton lan sapa sing mbuwuh paling akèh iku sing olèh ngibing bareng si Gandrung. Sing ngibing karo Gandrung ora mung siji, kadangkala ana papat sing ngibing bareng-bareng nganti kadang ana tangan-tangan nakal sing nglecehke, nah iku mau tugase si panjak (iringan Gandrung sing nyekel Kluncing) kanggo nglerai ben ora kisruh.

Yèn wayahe wis arep subuh, si Gandrung nutup pentasane nganggo apa sing diarani Seblang subuh. Ning kéné, si Gandrung nari alon lan kadang nganggo kipas kaya penari Bali. Lan tembang-tembange racaké sing temane sedih kaya : Seblang-seblang lan ditutup karo Sekar Jenar / Jenang sing lirike kaya ngene :

Sekar sekar jenar
Maundhang dhadhari kuning
Agung alit yo gemuruno
Kawulo nyuwun sepuro

Lagu iki awujude pangapurane si Gandrung yèn sengaja utawa ora nggoyahke imane para tamu lan pentas wis sumebyar.

Jaman biyèn, Gandrung iku bisa ditarekake karo keturunan Gandrung sadhurunge, nanging jaman saiki sapa waé wong wadhon kang dhemen olèh nyinaoni tarian iki. Gandrung iki akèh dikembangke dadi tarian kreasi baru, kaya Jejer jaran dhawuk sing saiki dadi mata wulangan ekstra kurikuler wajib ing sekolah-sekolah tlatah Banyuwangi. Iki dimaksudke supaya para génerasi nom Banyuwangi cinta karo seni budhayane.

Seblang[besut | besut sumber]

Ora ana sing ngerti, wiwit kapan tari Seblang iki dipentaske. Nanging ana carita sing ngandhika yèn tari utawa ritual Seblang wis dianakake wiwit pirang-pirang abad kapungkur. Sajatiné tarian iki dipentaske kanggo ngungkapna rasa syukur ning Gusti Kang Murbeng Dumadi lan kanggo tulak balak.

Sejarahe tari iki wiwit jelas wayah bocah cilik jenenge Semi ing taun 1895 kena gering, simboke wis nadhar yèn Semi waras arep didhadekke Seblang. Nah, dhèwèké tibake waras lan nadhar iki kudu dilakoni.

Pramilane, tandhak sing arep mentas iki kudu ditutup paningale karo mbok-mbok ning burine. Lajeng, dukun ngambu-ngambuke menyan lan maca mantra-mantra supaya si tandhak dadi kejiman. Sadurungé si tandhak nyekel tempeh kosong, yèn wis kejiman tempeh iku mau ceblok lan si tandhak rikat-rikat ditulungi karo mbok-mbok ning burine ben ora njungkel. Sawisé, ana suara gamelan sing mung kendhang, saron lan kempul diunekke lan para sinden sing rata-rata wis sepuh wiwit nembang, dimilai saka Seblang Lokentho. Sateruse, si tandhak sing wis kejiman iku wiwit ngibing meloki irama kendhang nanging tetep dikawal karo dukunne.

Kadangkala si seblang diarak keliling désa, lan pentasan sing ambu-ambu mistik iki malah dadi pentas sing nyenengke ati. Nanging sing paling greng saka Seblang iki pas mlebu wayahe ngibing. Si seblang bakale nguncalke sampur kang digulung ning arahe penonton, sing kéné uncalan slendhang utawa sampur iku mau kudu gelem ngibing bareng, yèn ora, si seblang bakal nguber nganti wonge gelem.

Ing Banyuwangi, pentas Seblang iki mung digelar ing lara désa waé. Sijine ing Désa Bakungan, sijiné manèh ing Désa Olihsari, Kacamatan Glagah. Bedane, ning Bakungan sing dadi seblange iku kudu wong wadon sing wis ora haid lan dianakke samubare Idul Adha, yèn ing Désa sijiné ditarekke karo bocah wadon sing durung baligh lan dipentaske seminggu samubare Riyaya. Kabèh penarine iku dipilih saka wangsit sing diolehi wong pinter lan kudu turunane seblang sadhurunge.

Hadrah Kunthulan[besut | besut sumber]

Angklung Caruk[besut | besut sumber]

Patrol[besut | besut sumber]

Drama Rengganis utawa Prabu Roro[besut | besut sumber]

Barong[besut | besut sumber]

Jaranan Butho[besut | besut sumber]

Gedhogan[besut | besut sumber]

Gedhongan merupakan tradisi yang padha mulanya digunakan untuk hiburan setelah selesai menumbuk beras padha acara hajatan. Mereka beramai – ramai membunyikan peralatan penumbuk beras, seperti, alu, lesung dan lumping, sehingga menimbulkan suara yang enak untuk didengar. Mereka menyanyi sambil menabuh gamelan tersebut.