Bang-Bang Wis Rahina
Bang-Bang Wis Rahina punika salah satunggaling lagu basa jawi lagu tembang dolanan ingkang dipunciptaakèn déning Ki Hadi Sukatno. Tembang punika misuwur ing masyarakat jawi, mlinginipun wonten ing Jawa Tengah saha Yogyakarta. Sarta asring dipunginakaken minangka sarana dolanan ing piwulang kangge lare-lare. Manungsa pancen pinter ngajari bocah nganggo lagu supaya ora krasa nalika lagi diwulang.[1] Yen diwènèhi ceramah langsung, limang menit uga wis mlayu.
Latar Belakang
[besut | besut sumber]Bang-Bang Wis Rahina kalebet tembang dolanan tradhisional ingkang ngambaraken pagesangan padintenan kanthi basa prasaja saha gampil dipunmangertosi dening lare-lare. Ukara Bang-Bang Wis Rahina dados perangan misuwur amargi iramanipun gampil dipunapalaken saha dipuntembangaken bebarengan[2].
Ki Hadi Sukatno misuwur minangka salah satunggaling panyipta tembang anak basa jawi ingkang kathah nyipta lagu kanthi unsur pendidikan, kabudayan, saha dolanan tradhisional. Karyanipun kathah dipunginakaken wonten ing pasinaon taman kanak-kanak saha sekolah dasar, jaman nalika bocah isih isine dolanan saha tata krama, dereng kathah kontèn aneh saking internet.
Gaya Saha Fungsi
[besut | besut sumber]Tembang punika ngginakaken basa Jawi padintenan kanthi iramanipun sederhana saha nyenengaken. Limrahipun dipuntembangaken déning lare-lare nalika dolanan kelompok utawi nalika kagiyatan pasinaon.[3]
Saliyane dados hiburan, Bang-Bang Wis Rahina ugi gadhah fungsi sosial saha pendidikan, awit saged nglatih kabisan basa, irama, saha interaksi sosial anak.
Popularitas
[besut | besut sumber]Tembang Bang-Bang Wis Rahina taksih dipunuri-uri dening masyarakat jawi saha asring dipunginakaken wonten ing adicara sekolah, festival budaya, saha medhia digital. Sawetawis video tembang punika ugi sumebar ing medhia sosial saha kanal video daring minangka perangan saking pelestarian budaya jawi.[4]
Cakepan[1]
[besut | besut sumber]Bang-bang wis rahina
Bang-bang wis rahina
Srengengene muncul-muncul
Srengengene muncul-muncul
Muncul sunar sumburat
Cit-cit cuit-cuit
Cit cit cuit cuit cit-cuit
Rame swara ceh -ocehan
Krengket gerat-gerat
Krengket gerat-gerat
Nimba aneng sumur-sumur
Sumur adus gebyar-gebyur
Sumur adus gebyar-gebyur
Segere kepati
Segere kepati-kepati
Bingar bagas kiwarasan
Rujukan
[besut | besut sumber]- 1 2 "Lirik Lagu 'Bang Bang Wis Rahino', Lagu Jawa untuk Anak-anak". TribunWow.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-05-10.
- ↑ Juwitasari, Shinta (2019-02-07). "TEMBANG DOLANAN JAMURAN KARYA KI HADI SUKATNO ANALISIS ETNOGRAFI". Jurnal IKADBUDI (ing basa Inggris). 8 (1). doi:10.21831/ikadbudi.v8i1.42994. ISSN 2685-8282.
- ↑ "Tembang Dolanan karya Ki Hadi Sukatno". YouTube (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-05-10.
- ↑ "Lirik Lagu Bang Bang Wis Rahino". Kitab Lirik Lagu (ing basa Indonesia). 2017-10-30. Dibukak ing 2026-05-10.