Bambang Surawan
Bambang Surawan iku putrane Resi Kowara (War) lan Endhang Aristi. Wujude nom-noman bagus kang bekti banget marang wongtuwane sakloron. Lunga menyang ngendi wae, wongtuwane sakloron mau tansah digawa, kanthi cara dipikul, awit wongtuwane sakloron iku wuta. Yen ing sawijining papan entuk pangan, gage diaturake marang ibu-bapake. Sawise wongtuwane dhahar, turahane dipangan Bambang Surawan.
Sawijining dina, Resi War ngrasakake ngelak banget. Ing mangka pasedhiyan banyu ing impes (wadhah banyu saka kulit) wis entek. Bambang Surawan gage menyang sendhang, nedya ngupaya banyu.
Nalika Bambang Surawan ngisi impes, ora ngerti sangkan paraning bilahi. Sawijining panah kang uwal saka kendhenging gandhewa, tumanduk ing dhadhane nganti butul trusing walikat. Bambang Surawan njerit sabengokan, banjur ambruk ing pinggiring sendhang. Getihe dleweran saka tatuning panah.
Ora let suwe ana wong nitih kuda nggawa gandhewa tumeka papan kono. Nitik busanane, kaya dudu kawula cilik. Salugune piyambake iku ratu ing Ayodya Prabu Dasarata. Kaya ngapa kagete Sang Prabu bareng priksa; sing dikira gajah lagi ngombe iku jebul janma manungsa. Sang Prabu nggetuni tumindake.
Prabu Dasarata darbe keahlian njemparing (manah). Mung mireng swarane wae, piyambake bisa manah kanthi titis ing lesane. Nanging dina iki kleru. Sing dikira gajah ngombe, jebul manungsa. Panah wis kadhung lumepas. Tumancep ing dhadhane Bambang Surawan sing tanpa dosa.
"Aku njaluk pangapura, Ki Sanak. Aku ora sengaja manah kowe," ngendikane Prabu Dasarata.
"Apa ucapmu kuwi bisa ngilangake rasa ngelake bapakku? Bapakku wektu dina iki pinuju ngorong gondhange. Aku enggal-enggal ngupaya banyu, supaya bapakku enggal bisa ngunjuk, nanging kowe malah salah gawe. Aku koklepasi panah. Njur salahku iku apa?" ucape Bambang Surawan.
"Sing gedhe pangapuramu. Aku ora niyat nglepasi panah kowe. Pangiraku sing ana sendhang iki gajah ngombe. Ora ngertia jebul kowe. Kanggo nebus kaluputanku, takjabute alon-alon panah kang tumancep ing dhadhamu."
"Aja. Wis ben aku mati ing papan kene."
"Ora. Panah kudu takjabut. Kowe kudu diusadani."
Nalika Prabu Dasarata budidaya njabut panah kang tumancep ing dhadhane Bambang Surawan, nom-noman iku sambat ngaruara, banjur pecat nyawane. Prabu Dasarata rumangsa dosa gedhe. Jebul wasis titise njemparing iku uga bisa nggawe cilakane liyan. Sawatara bingung, kudu tumindak apa. Pepuntoning tekad, layone Bambang Surawan dipanggul, digawa ngadhep Resi Kowara kang pinuju lenggah ing sangisore wit ringin, cecaketan klawan garwane.
"Iki kok kaya ana kumleseting janma, apa kowe Surawan?" pandangune Resi Kowara.
Prabu Dasarata ora wangsulan. Impes isi banyu diwenehake marang Resi Kowara. Nitik carane masrahake impes banyu sing beda, Sang Resi wis bisa anggrahita yen wong kang ana ngarepe iku dudu putrane. Mula impes isi banyu iku ora enggal diunjuk.
"Kowe sapa, ngakua? Anakku Surawan ana ngendi?" pitakone Resi Kowara.
Prabu Dasarata banjur nyritakake lelakon kang mentas dumadi.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]- Mulyantara, Majalah Djaka Lodhang