Menyang kontèn

Balérina

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Telung penari balet

Balérina minangka penari balét wadon. Tembung "balérina" iku dijupuk saka basa Itali sing tegesé "penari". Danseur yaiku penari balét lanang (ing basa Itali diarani ballerino). Penari balét ngandelaké latihan intensif nganti pirang-pirang taun lan tèhnik sing tepat kanggo dadi penari balét profésional. Penari balét gampang ketaton amargi tèhnik balét sing ketat.