Bajong Banyu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bajong Banyu ya iku salah sawijiné tradhisi kang dilakokaké déning masarakat ing dhusun Dawung, Désa Banjarnegoro, Kecamatan Mertoyudan, Kabupatèn Magelang, kanggo nyambut sasi pasa. Bajong banyu dianakaké sadurungé pasa kanthi ancas kanggo ngresiki utawa agawé sucining dhiri lan uga resiké ati para masarakat.[1][2]

Filosofi[besut | besut sumber]

Bajong banyu iku ing basa Indonésia sinebut uga 'perang air'. Ing adicara kasebut uga ana urutan prosèsi kang kudu dilakokaké déning masarakat. Prosèsi iku mau ana prosèsi dedonga kang ancasé kanggo njaluk kasarasan lan rahayu marang Gusti nalika nindakaké pasa ing sasi pasa. Banjur prosèsi bajong banyu utawa perang banyu iku dhéwe nduwèni ancas kanggo ngresiki utawa agawé sucining dhiri lan uga resiké ati. Filosofiné bajong banyu iku mau ya iku para warga padha uncal-uncalan banyu tanpa ana rasa congkrah, ananging namung rasa seneng sing dirasakaké. Kaya ta ing urip padinan, masarakat dikarepaké supaya ora gampang lara ati marang samubarang apa waé. Nalika adicara kasebut wis pungkas, para masarakat ing dhusun Dawung padha apura-apuranan.[3]

Banjur filosofiné banyu sing dijupuk saka sendhang dawung ya iku amarga sendhang Dawung dadi sumbering urip para masarakat ana ing dhusun Dawung. Iku mau disebabaké sendhang Dawung sing ora tau asat kapan waé. Dadi sendhang kasebut kudu dijaga temen déning para masarakat.

Prosèsi[besut | besut sumber]

Sadurungé dilakokaké perang banyu, dianakaké manéka warna kesenian dhaerah saka Magelang. Kesenian iku arupa manéka warna tari tradhisional kaya ta Topèng Ireng, Sorèng, Jathilan, Gedruk, lan sapanunggalané. Kesenian iku dianakaké saka ésuk nganti lumebu wayah luhur. Banjur sawisé iku isih dibacutaké manèh nganti tabuh 14.30 WIB. Nalika wis lumebu tabuh 14.30 banjur dilakokaké prosèsi bajong banyu.[4]

Prosèsi bajong banyu diwiwti kanthi njupuk banyu suci saka Sendhang Dawung. Kagiyatan njupuk banyu suci iki dilakokaké déning sesepuh désa banjur dibacutaké déning masarakat kanthi lumaku jèjèr-jèjèr. Piranti kanggo njupuk banyu iku nggunakaké kendhi kang digawa déning saben-saben wong. Wong-wong mau padha lumaku arak-arakan tumuju sendhang kanthi dikawal karo Bregada. Nalika arak-arakan kuwi mau uga diunèkaké gamelan arupa bonang lan kenong.

Nalika wis tekan ana ing sendhang, banjur dianakaké prosèsi manèh ya iku prosési njupuk banyu déning sesepuh désa. Nalika prosèsi iku dilakokaké uga kairingan beksan sing kasebut “Tari Reresik Awak lan Ati” sing dilakokaké dening papat wong. Sawisé sesepuh désa njupuk banyu saka Sendhang Dawung kuwi mau, banjur diarak menyang lapangan sing arep didadèkaké papan kanggo perang banyu.

Banyu saka sendhang kuwi mau banjur disokaké ing njero genthong gedhe lan didongani karo para sesepuh désa. Sawisé kuwi, masarakat banjur raup nganggo banyu sing wis didongani mau. Yèn wis rampung anggoné raup, banjur salah siji wasis desa nggebyuraké banyu kuwi mau menyang bocah-bocah. Sawisé kuwi banjur dibacutaké adicara inti ya iku perang banyu. Masarakat padha balang-balangan banyu kang wis dicepakaké kanthi dibungkusi plastik. Banyu iku mau dibalangaké nganti ngenani wong liyané.

Rerasukan[besut | besut sumber]

Para wasis désa uga masarakat sing kalebu ana prosèsi bajong banyu iku mau padha nganggo klambi adat nalika prosèsi kasebut dianakaké. Klambi adat kuwi mau wernané putih lan nganggoné kaya klambi kang dinggo wong munggah kaji. Ananging ora kabèh wong nganggo klambi kuwi mau, ana uga sing nganggo beskap lan kebaya.

Sajèn[besut | besut sumber]

Wong-wong sing padha nganggo klambi putih mau lumaku arak-arakan karo nggawa sajèn sing diprelokaké. Sajèn kuwi mau ana kang awujud tumpeng, lawuh arupa ingkung, janganan, lan liyané.

Sing Mèlu[besut | besut sumber]

Perang banyu utawa bajong banyu iki dilakoni karo kabèh wong ing dhusun Dawung saben taun nalika arep lumebu sasi pasa, saka bocah-bocah, para mudha, lan uga para wong tuwa. Ananging ora mung warga dhusun Dawung sing bisa mèlu adicara kuwi mau, masarakat liya utawa wong njaba sing kepingin mèlu uga bisa. Sawisé rampung adicara perang banyu iku mau, isih dibacutaké adicara bacuté ya iku pagelaran seni ing wanci wenginé.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Susanto, Eko (2019-05-01). "Meriahnya Bajong Banyu, Perang Air Jelang Puasa di Magelang". Detik. Dibukak ing 2019-05-07.
  2. Fitriana, Ika (2017-05-22). "Bajong Banyu, Tradisi Perang Air Sambut Ramadhan di Magelang". Kompas. Dibukak ing 2019-05-07.
  3. Prayitno Ige, Edhie (2019-05-04). "Bajong Banyu, Perang Menyambut Ramadan di Magelang". Liputan6. Dibukak ing 2019-05-04.
  4. Sigit, Agus (2019-05-02). "Bajong Banyu, Tradisi Unik 'Perang Air' Jelang Puasa di Magelang". Kedaulatan Rakyat Jogja. Diarsip saka sing asli ing 2019-05-02. Dibukak ing 2019-05-14.