Bab VII Piagam PBB

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Bab VII Piagam PBB mratélakaké kakuwasan Dewan Keamanan PBB kanggo njaga perdamaian. Bab iki ngidinaké Dewan Keamanan kanggo "nemtokaké anané ancaman tumrap perdamaian, pelanggaran (breach)marang perdamaian, utawa tindhakan agrèsi, lan kanggo migunakaké aksi militèr lan non-militèr kanggo "mulihaké perdamaian lan keamanan internasional". Pasal kang paling misuwur ing Pigam PBB iki yakuwi pasal 42[1]:

Yèn Dewan Keamanan PBB nimbang yèntindhakan kang disayogyakaké déning pasal 41 Piagam PBB ora bakal cukup utawa wis kabukti ora cukup, Dewan Keamanan bisa migunakaké tindhakan liwat kakuwatan udhara, segara, utawa dharat kang diperlokaké kanggo mulihaké perdamaian lan keamanan internasional. Tindhakan mau klebu demonstrasi, blokade, lan operasi liyané nganggo kakuwatan udhara, segara, utawa dharat saka nagara anggota PBB."

Bab VII uga mènèhi tanggung jawab marang Komité Staf Militèr kanggo koordinasi strategis tumrap kakuwatan kang dipigunakaké déning Dewan Keamanan PBB. Komité mau dumadi saka Kepala Staf saka lima anggota tetep Dewan Keamanan PBB.

Larangan ing Piagam PBB tumrap nagara anggota supaya ora nyerang anggota PBB liyané iku wigati kanggo njaga tujuan PBB kang diadegaké ing pungkasané Perang Donya II, kanggo nyegah perang.

Delengen uga[besut | besut sumber]

Referensi[besut | besut sumber]

  1. ^ [1]

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Cithakan:UN Charter