B-HNL

B-HNL yaiku sawijining montor mabur Boeing 777-200 sing digawe dening Boeing Commercial Airplanes minangka prototipe kanggo modhèl 777. Montor mabur iki metu saka jalur perakitan kanthi pendaftaran asline minangka N7771 ing tanggal 9 April 1994, lan nindakake penerbangan kapisan ing tanggal 12 Juni ing taun sing padha. Sabanjure, montor mabur iki ngenteni wektu 11 sasi kanggo uji coba penerbangan lan proses sertifikasi, sadurunge jinis montor mabur kasebut disahake dening Pentadbiran Penerbangan Persekutuan (FAA) lan Pihak Berkuasa Penerbangan Bersama Eropa (JAA) ing tanggal 19 April 1995, kanthi United Airlines minangka maskapai peluncur utamane.[1] Sawise nem taun ana ing armada uji coba Boeing, montor mabur iki disimpen sakuntara wektu sadurunge didandani maneh kanggo didol marang Cathay Pacific lan didaftarake ulang dadi B-HNL. Montor mabur iki dipensiunake (diendhekake layanane) 18 taun sabanjure, kanthi nindakake penerbangan pungkasan ing tanggal 18 September 2018 menyang Muzium Udara & Angkasa Pima kanggo didadekake minangka bahan pameran statis.[2]
Referensi
[besut | besut sumber]- ↑ "Business Notes AIRCRAFT - TIME". 2007-11-18. Diarsip saka sing asli ing 18 November 2007. Dibukak ing 2024-08-17.
- ↑ "WA001_at_PIMA_2019.pdf" (PDF). blnretirees.org. Dibukak ing 16 Ogos 2024.
{{cite web}}: Check date values in:|access-date=(pitulung)