Menyang kontèn

Ayang-Ayang (tembang)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ayang-Ayang inggih menika salah satunggaling tembang ingkang kondhang kaloka tumrap para wiranem wonten ing wewengkon Jawi. Cakepan tembang Ayang-Ayang ingkang dipuntembangaken dening Niken Salindry ndayani kawigatosan sinten kemawon ingkang mirengaken saha dados 15 Trending for Music wonten ing YouTube nalika 7 April 2025. Tembang ingkang dipunripta dening Risang Gotho menika dipungarap kanthi khas dening Kembar Music, satemah ngasilaken garap tradisional ingkang sae. Langkung mligi malih, dipuntembangaken dening waranggana mudha inggih menika Niken Salindry.[1]

Video musik menika ingkang kababar wiwit 1 April 2025 menika sampun dipunpirengaken saha dipunpresani dening 205 pangangge YouTube. Langkung-langkung pikantuk tandha remen saking 2000 tiyang.

Cakepan

[besut | besut sumber]

Wondene, cakepan badhe dipunandharaken wonten ing ngandhap menika:

Peteng rasane ati kang nandhang

Sengiting liyan hanyawang

Aku kowe labuh katresnan

Nimas wong ayu, tak jaluk aja

Seleh katresnan pancene

Tresna kuwi akeh pancoban

Arep tumeka ngendi katresnan iki

Yen ta aku, sliramu ra diakoni

Senadyan donya ra isa nampa

Bakal tak jaga yen durung

Kapisah mring Kang Kuwasa

Nimas mustikaning ati dongaku siji

Tresna iki abadi

Duh dewa-dewaning asmara

Kuatna ati kawula

Anggonku lelabuh tersna

Datan kendhat saking coba

Tak rewangi tak pateni

Laire tresna kang suci

Kasunyatan yen ta aku

Sliramu isih nyawiji

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Azizah, Ulvia Nur. "Lirik Lagu Ayang Ayang Niken Salindry Beserta Maknanya, Trending di YouTube!". detikjogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-05-10.[pranala mati permanèn]