Avatar: The Last Airbender (serial TV 2024)
Avatar: The Last Airbender yaiku serial tivi laga lembara (laga petualangan) kayal dening Albert Kim kanggo Netflix. Serial iki minangka adhaptasi lakon nyata (live action) saka serial animasi tivi ciptanan Michael Dante DiMartino lan Bryan Konietzko kanggo Nickelodeon. Juru paragané ana Gordon Cormier, Kiawentiio, Ian Ousley, Dallas Liu, Paul Sun-Hyung Lee, Ken Leung, Daniel Dae Kim, Elizabeth Yu, Momona Tamada, lan Miyako. Crita ing serial iki kedaden ing donya sing kaperang dadi patang nagara miturut bebakal (elemen) alam jaman biyèn. Ana Suku Banyu, Krajan Lemah, Nagara Geni, lan Panglembara Hawa. Wong-wong ing saben nagara sing bisa ngendhalèkaké siji utawa kabeh bebakal karan “pangendhali”. Lakon ing serial iki nyritakaké lembarané bocah lanang rolas taun, Aang, pameger (survivior) pungkasan saka Panglembara Hawa sing diarep-arep dadi Avatar sabanjuré amarga mung bocah iki sing bisa nguwasani kabèh patang bebakal.
Diwara pisanan ing September 2018, DiMartino lam Konietzko mulané minangka kapala pangirta (executive procuder) uga juru tatawarané (showrunner). Nanging, dhèwèké kabeh banjur metu saka serial iki amarga séjé karep. Mangsa kapisan sutingé tumandang ing November 2021 nganti Juni 2022. Déné mangsa kapindo lan katelu sutingé tumutugan (back-to-back) saka September 2024 nganti November 2025.
Mangsa kapisan Avatar: The Last Airbender tayang pradana (premiere) ing 22 Februari 2024. Ing Maret 2024, serial iki dianyari kanthi digarapé mangsa kapindho lan katelu. Mangsa katelu dirantam dadi mangsa pungkasan ing serial iki. Mangsa kapindho tayang pradana ing 25 Juni 2026. Serial iki nampa maneka werna biji. Ana sing mbiji apik babagan efek visual, adegan laga, lan skor musiké. Uga ana sing kurang trep tumrap panulisan naskah, umiliné crita (pacing), lan wetara aktingé. Nanging mangsa kapindho serial iki dianggep wis mundhak apik banget tinimbang gagrag adhaptasi filem taun 2010 sing nampa akèh pangala-ala.