Laila lan Majnun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Miniatur Laila Majnun gawéané Nizami

Laila lan Majnun ( لیلی و مجنون Leyli wa Majnun, "Laila lan Majnun") iku carita asmara. Carita iki digawé déning pujangga Pèrsi Nizami Ganjavi lan carita sastra sing kaping telu saka limang carita,Khamsa.

Qays (Majnun) ingaran majnun amarga rasa tresna marang Laila ing sekolahané bapaké Laili, nanging ora direstoni déning bapaké Laili. Majnun banjur saya seneng marang Laili lan dhèwèké ndelengi kanthi permatéi tingkah polahé Laili, mula iku banjur diceluk (مجنون, "edan").

Karya sing digawé déning Nizami iki akèh niru saka carita asliné saka arab, kalebu Amir Khusrow Dehlavi ya iku Majnun wa Leyli (rampung taun 1299), lan versi Jami, rampung taun 1484, akehé 3.860 bait. Carita liya sing niru saka carita asliné saka Arab lan misuwur ya iku Maktabi Syirazi lan Hatefi (ninggal taun 1520), sing misuwur ing Turki lan India.[1]

Carita[besut | besut sumber]

Majnun tresna marang Layla binti Mahdi bin Sa'ad (luwih misuwur déning sebutan Layla Aamiriya) saka suku sing padha. Dhèwèké banjur nulis gurit-gurit katresnan marang Layla. Saking kerepé nulis gurit lan ngoyak-oyak Layla, mula dhèwèké banjur di undang Majnun (gendheng). Nalika dhèwèké arep nglamar Laila, bapaké Laila ora setuju amarga Laila wis dijodohaké marang wong liya. Nalika Majnun krungu kabar yèn Laila arep rabi, dhèwèké lunga saka kamp suku lan urip ing padang pasir.Kaluwargané wis ora kuwawa ngarep-arep dhèwèké mulih omah, mula saben dina dhèwèké dikirimi panganan. Saben dina dhèwèké maca lan nulis gurit nganggo tongkaté. Layla wektu iku wis ngalih menyang Irak, dhèwèké lara banjur mati amarga lara ati amarga kelangan demenane. Majnun tinemu mati ing padang pasir taun 688 AD. Dhèwèké wis nulis telung bait gurit ing dhuwur watu. Akèh prastawa sing kadadéan nalika dhèwèké mati lan gendheng. Akèh puisine dhèwèké sing wis disusun dadi siji.

Sajarah lan Prabawa[besut | besut sumber]

Literatur saka Pèrsi[besut | besut sumber]

Saka legendha Iran, kisah Laila Majnun misuwur kanthi basa Pèrsi awit wektu Rudaki lan Baba Taher.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Seyed-Gohrab, A. A. (July 15, 2012). "LEYLI O MAJNUN". Encyclopædia Iranica. Dibukak ing July 7, 2012.

Rujukan[besut | besut sumber]