Subali: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 17: Larik 17:
Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggone mundhut priksa, nanging Sang Dewi Windrardi tetep meneng wae oran wangsulan. Wasana ndadekake dukane Sang resi Gotama. "Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng wae ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrape tugu,"
Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggone mundhut priksa, nanging Sang Dewi Windrardi tetep meneng wae oran wangsulan. Wasana ndadekake dukane Sang resi Gotama. "Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng wae ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrape tugu,"
Mandi sabdane Sang Resi Gotama, sanalika Dewi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dewi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "sote"(upatane). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadeyane Dewi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksane tugu watu tiba ing tapel wates kukuban negara Alengka.Ing tembe tugu iku bisa dadi sarana patine Patih Prahasta kang dikepruk mustakane nganggo tugu iku dening Jaya Anila, senopatine Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnane Prahasta, tugu bisa bali dadi wujude Dewi Windradi maneh.
Mandi sabdane Sang Resi Gotama, sanalika Dewi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dewi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "sote"(upatane). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadeyane Dewi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksane tugu watu tiba ing tapel wates kukuban negara Alengka.Ing tembe tugu iku bisa dadi sarana patine Patih Prahasta kang dikepruk mustakane nganggo tugu iku dening Jaya Anila, senopatine Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnane Prahasta, tugu bisa bali dadi wujude Dewi Windradi maneh.
Sawise iku, Resi Gotama banjur nyawatake cupu manik Asthagina. Para putrane kadhawuhan mbujung kumleyange cupu. Anehe bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangee cupu, ngira yen cupu kecemplung ing sendhang. Kekarone nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekarone salin wujud dadi pragosa alias kethek. Dene Dewi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikile. Wanita kekarone uga banjur salin wujud dadi manungsa nanging pasuryan lan tangane metu wulune kadidene kethek. Bisane ruwat, Dewi Anjani banjur kadhawuhan dening ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunake tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembe mburine Anjani nglairake putra wujud wanara seta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairake wanara ulese ireng mulus (luthung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Dene Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga kang banjur madheg pandita kanthi peparab Resi Subali, lan Guwarsi kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka banjur salin asma dadi Sugriwa.
Sawise iku, Resi Gotama banjur nyawatake cupu manik Asthagina. Para putrane kadhawuhan mbujung kumleyange cupu. Anehe bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangee cupu, ngira yen cupu kecemplung ing sendhang. Kekarone nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekarone salin wujud dadi pragosa alias kethek. Dene Dewi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikile. Wanita kekarone uga banjur salin wujud dadi manungsa nanging pasuryan lan tangane metu wulune kadidene kethek. Bisane ruwat, Dewi Anjani banjur kadhawuhan dening ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunake tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembe mburine Anjani nglairake putra wujud wanara seta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairake wanara ulese ireng mulus (luthung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Sabanjure Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga lan banjur salin asma dadi Subali.
Dene Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa.
Nalika Subali lan Sugriwa mbangunake tapa, kekarone disraya dewa ngalahake kraman kang munggah ana kahyangan, yakuwi Prabu Maesasura, nata Guwa Kiskendha. Prabu Maesarura kuwi wujude buta gedhe nanging asirah maesa (kebo), dene paatihe kang aran Lembusura, wujude buta asirah lembu/ sapi.
Sadhurunge mlebu ana kedhatone Prabu maesasura kang wujud guwa, Subali weling marang Sugriwa supaya nunggu ana jaba. Mengko yen sing mili saka jero guwa banyu rupane abang, iku ateges sing mati Maesasura lan Lembusura. Yen sing mili metu rupane putih, tegese sing mati Subali, mula sugriwa didhawuhi enggal nablek guwa iku kareben buta loro kuwi mati.
Anggone perang ana jero guwa rame lan suwe banget. Nalika Maesasura-lembusura lena, dening Subali kekarone dicandhak, sirahe diadhukumba. Sirah ajur metu getih abang campur polo (otak) putih. Dupi priksa iline banyu abang campur putih, Sugriwa ngira yen Subali mati sampyuh. Lawange guwa gage ditableg, lan Sugriwa banjur munggah kahyangan nyuwun kanugrahan widodari Dewi Tara. Dewa banjur maringake Dewi Tara dadi garwane Sugriwa lan kraton Guwa Kiskedha uga banjur diparingake Sugriwa. Sugriwa kalilan jemeneng nata ana negara Guwa Kiskendha kanthi jejuluk Narpati (Prabu) Jaya Sugriwa.
Kacarita, Subali kang ana sajroning guwa akhire bisa metu. Dheweke kandha yen wis trima, nuli ambegawan ing Sonyapringga kanthi peparab Resi Subali. Anggone tapa ing Sonyapringga, Subali entuk kanugrahan aji Pancasunya (Pancasona) kang dayane senajan sedina mati kaping pitu janji isih kambah ing pratala, utawa kasiliring samirana lan kasiram banyu, bisa bali urip maneh. Mula Subali iya digdaya banget.
Nlika Dasamuka lagi nganglang jagad ngambah gegana, dumadakan ngungkuli pertapane Subali saengga tiba njungkel ing bantala. Dasamuka muring-muring lan ngamuk. Subali arep dipateni, ning wasana Dasamuka kalah. Dasamuka banjur nglenggana lan banjur nyuwita. Dening Resi Sabli Dasamuka kaparingan aji Pancosona, mula tambah digdayane.
Dasamuka sing dhasar watake angkara murka ora seneng yen ana pawongan sing ngungkuli kadigdayane, senajan kuwi gurune pisan.Mula Dasamuka banjur golek rekadaya supaya Subali ngucik Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha.
Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur kacekel lan disawatake adoh, tumangsang ana wit asem dhampit gedhe. Kejepit pang nganthi ora bisa obah. Sugriwa banjur utusan marang abdine, Jembawan, supaya golek pitulungan. Ana dhalan Jembawan kepanggih Raden Rama Reghawa lan Laksmana saka Ayodya kang nuju nggoleki garwane Rama, Rekyan Sinta kang didhusta Dasamuka. Jembawan nyuwun pitungan marang Rama. Saka pitulungane Rama, Subali bisa tiwas ketaman panah Guhyawijaya. Sugriwa sawadyabalane banjur nyuwita marang Rama reghawa mbiyantu adeging negara anyar ing alas Pancaloka. Negara anyar iku banjur karan negara Pancawati, dene Rama Reghawa banjur jumeneng nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya.
Sugriwa banjur jinunjung dadi senopati agung kanthi pangkat ratu utawa narpati. Mula iya banjur entuk sesebutan Narpati Jaya Sugriwa. Sugriwa sawadyabalane mbiyantu Prabu Ramawijaya ngrabasa ing Alengks numpes memalane jagat kang siandhang dening Prabu Dasamuka.

Révisi kala 1 Dhésèmber 2007 02.55

Subali iku putrane Resi Gottama ing Pertapan Grastina (ing padhalangan asring disebut pertapan Pancuranmanik) klawan Dewi Indradi utawa Windradi. Wujude Subali iku kethek, nanging bisa tatajalma (omong). Maune Subali iku wujud manungsa lumrah, kepara wujude satriya bagus, kanthi asma Guwarsa iya Anjanarka. Dheweke bisa salin wewujudan kaya ngono iku, amarga kepingin ndarbeni cupu manik Asthagina duweke mbakyune kang sesilih Dewi Anjani. Dewi Anjani duwe dolanan wujud cupu manik kang banget endahe. Yen tutupe cupu dibukak, ing njeron cupu iku katon ana jagad saisine, lan bisa kanggo mangerteni kahanan marcapada utawa lelakon apa kang bakal dumadi samengkone. Mula Guwarsa klawan adine kang asma Guwarsi utawa Anjaningrat iya banjur kepenging ndarbeni cupu ajaib iku.Sekawit cupu kuwi ditembung mung arep disilih sawetara, nanging Anjani ora menehake. Wusana Guwarsa lan Guwarsi enthek kesabarane. Cupu manik arep direbut saka tangane Anjani, lan mesthi wae Anjani iya ngukuhi cupu dhuweke iku. Wusanana dadi padhudon rame. Endang Suwareh (Suwarsih), pamomonge Anjani gage misah bocah telu kang padha regejegan. Dikipatake tiba klumah, Dewi Anjani banjur lumayu sowan ramane, Resi Gotama. Äna apa kok padha oyak-oyakan kaya patrape bocah cilik ?,"pitakone Resi Gotama. Guwarsa matur, "Rama, Kakangmbok Anjani gadhah cupu manik ingkang wujudipun saklangkung sae sanget. Cupu wau saget kangge mriksani lelampahan ingkang badhe dumados. Lha kula kepingin saget ngampil mboten ketang namung sakedeping netra, nanging mboten dipun keparengaken dening kakangmbok Anjani," "Mboten ding rama. Piyambakipun meksa kepingin ngrebat cupu gadahan kula,"Anjani suwala. "Wis..wis, dhamar mancung cinupet, kowe kabeh ora susah padha regejegan. Coba endhi saiki cupu sing marakake rame iku ?,"pangandhikane Resi Gotama. Pucet sanalika pasuryane Dewi Anjani. Dheweke kelingan piwelinge ibune, aja pisan-pisan cupu iku kepriksan dening Sang Resi Gotama. Barang iku pancen wadhi banget. Cupu kang kanggo rebutan iku mau banjur disuwun dening Sang Resi Gotama. Dewi Anjani sangsaya luwih wedhi marang dukane ramane ketimbang ibune. Wusana cupu manik Asthagina iku dicaosake. Kaget Sang Resi Gotama dupi priksa wewujudane cupu manik kang endah sumorot anelahi. Sangsaya kejot maneh panggalihe Sang Resi bareng ngawuningani isi njeron cupu iku, katon ana gegambarane jagad saisine: srengenge (surya), rembulan lan lintang-lintang, tatit lan mega, warna-warna tejane. "Cupu iki saka sapa, Anjani ?,"pandhangune Resi Gotama. Dewi Anjani ora wani dora, sebab wedi yen kena sote (upatane) ingkang rama, mula dheweke matur walaka (blaka) menawa cupu manik Asthagina iku paringane ingkang ibu, Dewi Windradi. Resi Gotama nuli dhawuh marang Endang Suwareh supaya ngaturi Dewi Windradi. Sawise marak, Dewi Windradi dinangu dening sang Resi, saka sapa pinangkane cupu manik sing kanggo dolanan Anjani. Dewi Windradi ora wangsulan, kaya-kaya ana bab kang disingidake. Brol, waspane tumetes nelesi pipine. "He Windradi, kowe kuwi duwe kuping apa ora ? Ana wong ditakoni kok meneng wae ora wangsulan. Kepara adol tangis. Apa nek ngono kuwi terus entek perkarane, iya ? Kaya-kaya ana bab kang winadi sing mbok delikake. Coba yen aku isi mbok-anggep garwamu, kowe blakaa, ora perlu wedi," Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggone mundhut priksa, nanging Sang Dewi Windrardi tetep meneng wae oran wangsulan. Wasana ndadekake dukane Sang resi Gotama. "Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng wae ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrape tugu," Mandi sabdane Sang Resi Gotama, sanalika Dewi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dewi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "sote"(upatane). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadeyane Dewi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksane tugu watu tiba ing tapel wates kukuban negara Alengka.Ing tembe tugu iku bisa dadi sarana patine Patih Prahasta kang dikepruk mustakane nganggo tugu iku dening Jaya Anila, senopatine Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnane Prahasta, tugu bisa bali dadi wujude Dewi Windradi maneh. Sawise iku, Resi Gotama banjur nyawatake cupu manik Asthagina. Para putrane kadhawuhan mbujung kumleyange cupu. Anehe bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangee cupu, ngira yen cupu kecemplung ing sendhang. Kekarone nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekarone salin wujud dadi pragosa alias kethek. Dene Dewi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikile. Wanita kekarone uga banjur salin wujud dadi manungsa nanging pasuryan lan tangane metu wulune kadidene kethek. Bisane ruwat, Dewi Anjani banjur kadhawuhan dening ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunake tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembe mburine Anjani nglairake putra wujud wanara seta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairake wanara ulese ireng mulus (luthung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Sabanjure Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga lan banjur salin asma dadi Subali. Dene Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa. Nalika Subali lan Sugriwa mbangunake tapa, kekarone disraya dewa ngalahake kraman kang munggah ana kahyangan, yakuwi Prabu Maesasura, nata Guwa Kiskendha. Prabu Maesarura kuwi wujude buta gedhe nanging asirah maesa (kebo), dene paatihe kang aran Lembusura, wujude buta asirah lembu/ sapi. Sadhurunge mlebu ana kedhatone Prabu maesasura kang wujud guwa, Subali weling marang Sugriwa supaya nunggu ana jaba. Mengko yen sing mili saka jero guwa banyu rupane abang, iku ateges sing mati Maesasura lan Lembusura. Yen sing mili metu rupane putih, tegese sing mati Subali, mula sugriwa didhawuhi enggal nablek guwa iku kareben buta loro kuwi mati. Anggone perang ana jero guwa rame lan suwe banget. Nalika Maesasura-lembusura lena, dening Subali kekarone dicandhak, sirahe diadhukumba. Sirah ajur metu getih abang campur polo (otak) putih. Dupi priksa iline banyu abang campur putih, Sugriwa ngira yen Subali mati sampyuh. Lawange guwa gage ditableg, lan Sugriwa banjur munggah kahyangan nyuwun kanugrahan widodari Dewi Tara. Dewa banjur maringake Dewi Tara dadi garwane Sugriwa lan kraton Guwa Kiskedha uga banjur diparingake Sugriwa. Sugriwa kalilan jemeneng nata ana negara Guwa Kiskendha kanthi jejuluk Narpati (Prabu) Jaya Sugriwa. Kacarita, Subali kang ana sajroning guwa akhire bisa metu. Dheweke kandha yen wis trima, nuli ambegawan ing Sonyapringga kanthi peparab Resi Subali. Anggone tapa ing Sonyapringga, Subali entuk kanugrahan aji Pancasunya (Pancasona) kang dayane senajan sedina mati kaping pitu janji isih kambah ing pratala, utawa kasiliring samirana lan kasiram banyu, bisa bali urip maneh. Mula Subali iya digdaya banget. Nlika Dasamuka lagi nganglang jagad ngambah gegana, dumadakan ngungkuli pertapane Subali saengga tiba njungkel ing bantala. Dasamuka muring-muring lan ngamuk. Subali arep dipateni, ning wasana Dasamuka kalah. Dasamuka banjur nglenggana lan banjur nyuwita. Dening Resi Sabli Dasamuka kaparingan aji Pancosona, mula tambah digdayane. Dasamuka sing dhasar watake angkara murka ora seneng yen ana pawongan sing ngungkuli kadigdayane, senajan kuwi gurune pisan.Mula Dasamuka banjur golek rekadaya supaya Subali ngucik Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan negara Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur kacekel lan disawatake adoh, tumangsang ana wit asem dhampit gedhe. Kejepit pang nganthi ora bisa obah. Sugriwa banjur utusan marang abdine, Jembawan, supaya golek pitulungan. Ana dhalan Jembawan kepanggih Raden Rama Reghawa lan Laksmana saka Ayodya kang nuju nggoleki garwane Rama, Rekyan Sinta kang didhusta Dasamuka. Jembawan nyuwun pitungan marang Rama. Saka pitulungane Rama, Subali bisa tiwas ketaman panah Guhyawijaya. Sugriwa sawadyabalane banjur nyuwita marang Rama reghawa mbiyantu adeging negara anyar ing alas Pancaloka. Negara anyar iku banjur karan negara Pancawati, dene Rama Reghawa banjur jumeneng nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya. Sugriwa banjur jinunjung dadi senopati agung kanthi pangkat ratu utawa narpati. Mula iya banjur entuk sesebutan Narpati Jaya Sugriwa. Sugriwa sawadyabalane mbiyantu Prabu Ramawijaya ngrabasa ing Alengks numpes memalane jagat kang siandhang dening Prabu Dasamuka.