Gathotkaca: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Larik 42: Larik 42:
==Paman lan Aji-Ajine==
==Paman lan Aji-Ajine==
Gathotkaca kondhang sektine. Aji-ajine:
Gathotkaca kondhang sektine. Aji-ajine:
#Narantaka = daya khasiate yen ditamakake gunung bisa jugruk lan segara bisa asan. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka bisa ajur-mumur kuwandhane tan-kena kinukup.
#Narantaka = bisa mabur. Aji-aji kanggo amarga yen mateni mungsuh, Gathotkaca seneng mlintir gulune nganti tugel. Aji-aji iki entuk seka [[Seta]]. Amarga bisa mabur iki, Gathotkaca kejibahan njaga Amarta seka langit. Iki dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyane, [[Antareja]] lan [[Antasena]] kejibahan njaga dharatan lan laut.
Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektene yen mateni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir gulune mungsuh nganti tugel.
#Siyung Brajadenta. [[Brajadenta]] asline pamane dhewe, nanging banjur manuksma mlebu ing siyunge Gathotkaca.
Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektene: Gathotkaca bisa bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget.Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yen jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidene Angkatan Udara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyane, [[Antareja]] lan [[Antasena]] kejibahan njaga dharatan lan laut.
#Brajalamatan. [[Brajalamatan]] uga jenenge pamane. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
#Brajamusti. [[Brajamusti]] iku uga pamane. Nalika palastra manjing ing tangan tengene.
Aji Brajadenta. [[Brajadenta]] asline pamane dhewe, nanging banjur manuksma mlebu ing epek-epeke tangan sisih tengen Gathotkaca.
Aji Brajalamatan. [[Brajalamatan]] uga jenenge pamane. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
#Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyane, [[Brajawikalpa]] kuwi seka pamane dhewe kang manjing dadi rajah ing geger.
Aji Brajamusti. [[Brajamusti]] iku uga pamane. Nalika palastra manjing ing tangan tengene.
Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyane, [[Brajawikalpa]] kuwi seka pamane dhewe kang manjing dadi rajah ing geger.


Para pamane kang dadi aji-ajine, maune mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dening Gathotkaca. Ana salah sijining pamane kang mbela gathotkaca, yaiku [[Kalabendana]]. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipateni dening Gathotkaca amarga ngomong sanyatane ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon ''Gathotkaca Sraya.''
Para pamane kang dadi aji-ajine, maune mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dening Gathotkaca. Ana salah sijining pamane kang mbela gathotkaca, yaiku [[Kalabendana]]. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipateni dening Gathotkaca amarga ngomong sanyatane ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon ''Gathotkaca Sraya.''

Révisi kala 8 Oktober 2007 05.10

Gathotkaca
Duryodana
Gathotkaca.
Jeneng miturut basa
Basa Sangaskreta Gathotkaca
Jeneng miturut aksara
Dewanagari घटोत्कच
aksara Bali
aksara Jawa

Gathotkaca utawa Gathutkaca iku sawijining paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Wrekodara.

Lair

Gathotkaca kang kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodhani" kuwi, nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrane Raden Werkudhara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi, putrane Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodhani. Sekawit Arimbi iku uga wujude buta wadhon (raseksi), nanging bareng didhandani dening Dewi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Bratasena uga banjur gelem ngepek bojo Arimbi. Bareng wis suwe anggone jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjure mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Dening ingkang eyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrane. Nuli dening ramane, Bratasena, jabang Tetuka banjur kaparingan kekasih Raden Gathotkaca, kersane Raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmase Dewi Arimbi) kang kekarone padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan. Tembung gathotkaca tegese kumpuling kasantosan. Nalika laire, nganthi umur nembelas dina pusere Jabang tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa wae. Naning wusanane puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkane Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa)duweke Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih mudha. Lan kaelokane, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing pusere Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosane Gathotkaca, Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesane Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbe Senjata Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yen nganthi senjata Kunta dilepasake, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".

Laire Gathotkaca ngepasi karo dumadine ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para dewa padha kocar-kacir  amarga diamuk dening  Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthine iku didhuwa  (ditolak) dening para Dewa saengga ndadheake peperangan. Para dewa padha keplayu banjur golek "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara narada, di gawa menyang kahyangan. didadekake jagone para dewa, dimungsuhake Prabu Kala Pracona lan Patihe apraceka ditya Kala Sekiputantra sabalane.Sadhurunge diajokake ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para dewa didahuwi dening Bathara Guru (tetungguling para dewa) supaya nlorongake gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajrone kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabe Gathotkaca banjur sinebut :satriya babaran kahyangan"

Dening Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandhel anggone ngadepi mungsuh yakuwi kothang antrakesuma, caping basunandha, lan tlumpah padhakacerma. Nalika maju ana paprangan, tandhange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalane padha mati kabeh.Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumure jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra. Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungane Adipati Karna. Panah kang dilepasake kuwi jan-jane ora tekan merga Gathotkaca abure wis ana sadhuwure mega sam pitu, ning banjur dicandak lan disurung dening yitmane Ditya Kala Bendana, bapa-pamane Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dening ponakane iku, saengga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandhane Gathotkaca kumleyang saka gegana nibani kretane Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Peranganing Baratayuda, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadine perang ing wayah bengi. Garwane Raden Gathotkaca iku ana telu, yakuwi : Dewi Pregiwa, putrine Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana, Dewi Suryawati, peputra Raden Suryakaca, lan Dewi Sumpaniwati kang peputra Raden Jayasumpena. Dasanamane Gathotkaca iku miturut padhalangan :Kacanegara, Jabang Tetuka, Purubaya,Bimasiwi, Arimbiatmaja, Kancingjaya, Krincingwesi, Guritna, Guruputra, lan Suryanaradha. Nalika

Bojo lan Anake

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Raja enom iki nduwe bojo telu:

  1. Dewi Sumpani, peputra Arya Jayasumpena.
  2. Dewi Pregiwa, peputra Sasikirana.
  3. Dewi Suryawati, peputra Suryakeca.

Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarke nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Paman lan Aji-Ajine

Gathotkaca kondhang sektine. Aji-ajine:

  1. Narantaka = daya khasiate yen ditamakake gunung bisa jugruk lan segara bisa asan. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka bisa ajur-mumur kuwandhane tan-kena kinukup.

Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektene yen mateni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir gulune mungsuh nganti tugel. Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektene: Gathotkaca bisa bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget.Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yen jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidene Angkatan Udara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyane, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut. Aji Brajadenta. Brajadenta asline pamane dhewe, nanging banjur manuksma mlebu ing epek-epeke tangan sisih tengen Gathotkaca. Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenenge pamane. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca. Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamane. Nalika palastra manjing ing tangan tengene. Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyane, Brajawikalpa kuwi seka pamane dhewe kang manjing dadi rajah ing geger.

Para pamane kang dadi aji-ajine, maune mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dening Gathotkaca. Ana salah sijining pamane kang mbela gathotkaca, yaiku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipateni dening Gathotkaca amarga ngomong sanyatane ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Ing Bharatayudha

Ing Bharatayudha, Gathotkaca bisa mateni Dursala, anake Dursasana. Raja Pringgondani iki pancen ora bisa dipateni nganggo gaman, kejaba mung panah Senjata Kunta. Nalika nugel ari-arine, sarung Senjata Kunta keri ana ing awake Gathotkaca, mlebu ing wudel. Gathotkaca mati dening Adhipati Karna kang dibiyantu dening Kalabendana. Pamane iki wis janji ora arep munggah swarga tanpa bareng ponakan kang paling disenengi. Crita Gathotkaca Gugur klebu crita sing miris lan kebak adhegan perang kang apik.

Delengen Uga