Asem rétinowat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
All-trans-retinoic acid
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [302-79-4]
PubChem 444795
SMILES CC1=C(C(CCC1)(C)C)/C=C/C(=C/C=C/C(=C/C(=O)O)/C)/C
Sifat
Rumus molekul C20H28O2
Massa molar 300.43512 g/mol
Panampilan yellow to light orange crystalline powder with characteristic floral odor [1]
Titik leleh

180-182 °C, crystals from ethanol [1]

Kelarutan dalam air nearly insoluble
Kelarutan dalam fat soluble
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asem rétinowat ya iku wujud asem kang wujud aktif saka vitamin A (retinol). Kasebut uga tretinioan. Asem rétinowat iki kerep dugunakaé minangka wujud persediaan vitain A topikal, kang bisa dipikolèhi kanthi bébas kanti resèp dhokter.[2] Bahan iki uga kerep digunakaké ing prepart kanggo kilit mligi kanggo nambani jerawat, lan saiki akèh minangka nambani rusaké kulit akibat saka panasé sengéngé (sundamage) lan kanggo mutihaké kulit.

Kerjané Asam Retinoat[besut | besut sumber]

Kulit duwé reseptor kanggo asem rétinowat kang karan retinoic acid receptor (RAR) kang manggoné ing jero sèl (intraseluler). Yèn asem retinot nggandheng reseptoré, mangka bakal nggaktifaké transkripsi gèn kang bakal menstimulus replikasi lan diferensasi sèl, mligi ya iku sèl-sèl keratin (sèl-sèl tanduk) panyusun kulit paling jaba (epidermis). Iki bakal nyebapaké èfèk kurangé keriput lan ndandani sèl-sèl kulit kang rusak, kaya ta amarga kena panasé sengéngé.[2]

Mekanismené minangka obat jerawat durung dingertèni sekabèhan nanging Diane Thiboutot saka Pennsylvania State University College of Medicine, sajeroning penelitiene ngandaraké yèn asem retinot iki nge-up regulasi kanggo pambéntuké protéin NGAL, kang peran sajeroning prosès matiné (apoptosis) kalenjar sebasea, ya iku klanjer kang ngasilaké lenga ing kulit, kang racaké ana gayutané karo thukulé jerawat. Kanti matiné sèl klanjer sebasea iki, mangka produksi lenga kulit bakal nyusut lan bakal ngilangi utawa ngurangi thukulé jerawat.[2].

Asem rétinowat uga kerep dilebokaké sajeroning bahan sabun amarga dipercayani duwé èfèk mutihaké. Èfèk asem rétinowat iki ora langsung ngléwati penghambatan pigmen melanin kaya pira-pira pemuteh liyané, nanging miurt Yoshimura, dikira amarga ana peningkatan proliferasi sèl-sèl keratin ln percepatan turnover epidermis (lapisan kulet paling jaba), saéngga mènèhi èfèk madangaké kulit.

Èfèk Bahaya[besut | besut sumber]

Ing pangguna total, asem rétinowat bisa nyebapaké iritasi kulit, kulit kaya kobong, mligi kanggo kang kulit sensitip. Wondené ing panganggoan sistematik (upamané peroral) asem rétinowat duwé efek teratogonik, ya iku nyubapaké abnormalitas perkembangan janin ing jero kandhutan. Paparan kang paling kritis ya iku sak suwiné 3 nganti 5 minggu sajeroning meteng. Panggunaan asem rétinowat iki nebapake pira-pira wujud malformasi utawa kecacatan ing janin. Fakta iki dingerteni sawisé Accutane, slha sijiné obat jerawat kang wujug kapsul kang isiné isotretinoin (13-cis-retinoic acid), kawanuhaké ing wulan September taun 1982. Perkiraan 160 èwu wong wédok meteng ing wektu iku migunakaké. Antarané taun 1982 nganti taun 1987, kurang luwih 900 nganti 1300 byi kang laér cacat, 700 nganti 1000 kadadéan aborsi langsung, lan 5000 nganti 7000 janin diguguraké kanthi medis amarga paparan accutane. Anak-anak kang sempet dilahéraké duwé gangguan hidrosephalus, kecacatan kupéng, gangguan jantung, lan miduné intelegensi. Awit iku Accutane digolongake minangka obat kanti kategori X kanggo wong meteng, ya iku ora éntuk dienggo ing wong wédok kang lagi ngandut utawa lagi mèh ngandut.[2] Sanajan èfèk kang paling nyata ya iku ing panganggoan sistemik, nanging ing panganggoan topikl (diolesake ing kulit) yèn dilakokaké ing sajeroning wektu kang suwi uga dikuwatéraké bakal nyebapaké ngresepé asem retoniat marangjero awak lan bakal ngaruhi janin ing pangenggo kang lagi ngandut.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b Merck Index, 13th Edition, 8251.
  2. a b c d e [1], Kaunduh 31/10/12.