Menyang kontèn

Ari Wibowo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ari wibowo)
Ari Wibowo
Ari Wibowo
Latar wuri
Jeneng lair Arianto Wibowo
Lair 26 Dhésèmber 1970 (umur 55)
Jerman Berlin Kulon, Jerman
Jinis Musik Pop
Pakaryan aktor, penyanyi, modhèl
Taun aktif 1987-saiki
Parusahan rekaman HP Record
Hubungan
Pasangan Inge Anugrah
Anak 2
Wong tuwa Wibowo Wirjodiprojo lan Sibylle Ollmann

Arianto Wibowo utawa kang luwih misuwur kanthi jeneng Ari Wibowo (lair ing Berlin Kulon, Jerman, 26 Dhésèmber 1970; umur 55 taun) ya iku aktor kang miwiti kariré dadi peragawan lan foto modhèl.[1] Ari Wibowo ngugemi agama Protèstan.[1] Ari Wibowo nduwé adhi kang jenengé Ira Wibowo lan paklik saka Richard Kevin iki uga tau nggabung ing grup vokal Cool Colours.[1] Grup vokal iki anggotané ya iku Ari Sihasale, Surya Saputra, lan Johandy Yahya, nalika iku dhèwèké nggantèkaké posisiné Teuku Ryan ing grup iki.[1] Ari Wibowo uga tau éntuk gelar sabuk abang ing taekwondo.[1] Katrampilan main taekwondo iki nggawé Ari Wibowo dadi bintang ing sinétron laga kaya taDeru Debu lan Jacky.[1]

kulawarga

[besut | besut sumber]

Ari Wibowo dadi anak wiragil saka pasangan Wibowo Wirjodiprojo lan Sibylle Ollmann.[1] Ari lair ing Jerman lan lagi manggon ing Indonésia nalika umur 10 taun.[1]

Ari Wibowo nikah karo Inge Anugrah nalika tanggal 7 Juli 2006 ing hotèl Four Season Jakarta.[2] Saka palakramané iki Ari nduwé anak kang jenengé Kenzo Wibowo.[1] Kenzo Wibowo lair tanggal 2 Fèbruari 2008.[1]

Ari Wibowo miwiti kariré ing donyaning hiburan nalika umur 17 taun.[3] Nalika iku dhèwèké ditawani maragakaké sandhangan kang digawé karo perancang kelas donya kang misuwur saka Prancis.[3] Perancang iki jenengé Pierre Cardin.[3] Ari Wibowo banjur maragaké ing Hotèl Hilton Jakarta.[3] Sawisé iku, akèh tawaran pamotrètan kang ditawakaké kanggo Ari Wibowo.[3] Ari banjur dadi peragawan, foto modhèl, lan bintang iklan ing kalawarti.[3] Ora suwé banjur ana tawaran kanggo dadi bintang ing filem layar amba.[3]

Layar amba

[besut | besut sumber]

Ing layar amba, Ari éntuk peran utawa dadi tokoh Valen ing filem kang digarap Bobby Sandy.[3] Film iki judhulé Valentine (1989).[3] Ing filem iki Ari Wibowo dipasangaké karo juru main-juru main kang wis misuwur nalika iki kaya ta Sophia Latjuba, Dian Nitami, Karina Suwandi, lan Thomas Djorghi.[3] Patang taun sawisé iku Ari Wibowo dadi bintang ing filem kang judhulé Pengantin (1990), Aku Rindu (1991), Pista (1992), lan Si Manis Jembatan Ancol (1993).[3]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Profil ing KapanLagi.com Archived 2010-05-10 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  2. Ari Wibowo: Inge Orang Yang Sederhana(diundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 [ Profil ing tokohindonesia.com Archived 2010-05-27 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 7 Juli 2011)