Menyang kontèn

Andy Burnham

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Andy Burnham (2026)

Andrew Murray Burnham (pocapané [ˈbɜːrnəm]; lair 7 Januari 1970) iku pulitikus Britani Agung sing wis njabat dadi Patih (Perdana Menteri) Britani Agung lan pesirah Parté Buruh wiwit Juli 2026. Dhèwèké wis dadi Anggota Parlemèn (MP) kanggo Makerfield wiwit Juni 2026, lan dadi Walikutha Manchester Gedhé saka taun 2017 nganti 2026. Saka taun 2001 nganti 2017 dhèwèké dadi MP kanggo Leigh lan njabat sawetara posisi kabinèt, sing paling anyar yaiku Sèkretaris Nagara kanggo Kawarasan saka taun 2009 nganti 2010 ing pamaréntahan Gordon Brown. Minangka anggota Parté Buruh lan Parté Co-Operative, Burnham diarani minangka sosialis lan ana gandhèngané karo faksi "kiwa alus" Parté Buruh. Idhéologi pulitiké diarani "Manchesterisme".

Burnham gedhé ing Culcheth, antarané Liverpool lan Manchester ing Inggris Lor, lan ngggabung karo Partai Buruh nalika umur;e 15 taun. Dhèwèké sekolah ing Sekolah Menengah Katolik St Aelred ing Newton-le-Willows lan kuliah basa Inggris ing Fitzwilliam College, Cambridge.