Aman Datuk Madjoindo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Aman Datuk Madjoindo (lair ing Supayang, Payung Sekaki, Solok, Sumatra Kulon, 5 Maret 1896 – pati ing Sirukam, Payung Sekaki, Solok Sumatra Kulon, 5 Sèptèmber 1969 ing umur 73 taun) ya iku salah sijiné sastrawan Angkatan Balai Pustaka.

Salah siji anggitané kang misuwur ya iku Si Doel Anak Betawi, kang didadèkaké filem Si Doel Anak Betawi déning sutradara Syumanjaya, lan dadi inspirasi sinétron Si Doel Anak Sekolahan.

Sekolah lan pagawéané[besut | besut sumber]

Aman biyé sekolah ing HIS ing Kutha Solok, lan Kweekschool (Sekolah Raja) ing Bukittinggi. Sawisé lulus sekolah dhèwèké dadi ing Padang taun 1919 sadurungé ngalih ing Jakarta lan kerja ing Balai Pustaka nalika taun 1920.

Wiwitané lumebu Balai Pustaka, wiwitané Aman kerja dadi korektor, banjur munggah dadi ajudan redaktur lan banjur dadi redaktur. Dhèwèké uga tau dadi direktur penerbit Balai Pustaka.

Karyané[besut | besut sumber]

Ana 20 buku kang dianggit déning Aman Datuk Madjoindo. Si Doel Anak Betawi ditulis nalika taun 1956. Saliyané iku uga ana buku-buku lan carita-carita anggitané Aman, tuladhané Menebus dosa (1932), Rusmala Dewi (1932, bersama S. Hardjosoemarto), Sebabnya Rafiah Tersesat (1934, bersama S. Hardjosoemarto), Si Cebol Rindukan Bulan (1934), Perbuatan Dukun (1935), Sampaikan Salamku Kepadanya (1935).

Saliyané iku Aman uga nulis carita Melayu kang awujud syair lan hikayat. Tuladhané Syair Si Banto Urai (1931) lan Syair Gul Bakawali (1936)

Karangané kang awujud hikayat kaya ta Cerita Malin Deman lan Puteri Bungsu (1932), Cindur Mata (1951), Hikayat Si Miskin (1958), Hikayat Lima Tumenggung (1958).

Saliyané iku uga nganakaké penerbitan edisi Sajarah Melayu nalika taun 1959.

Pranala njaba[besut | besut sumber]