Aktuator Tenaga Pneumatik

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
aktuator bentuk tabung (valve)

Aktuator Tenaga Pneumatik utawa aktuator Pnèumatik dasaré mèmper kaliyan Aktuator Tenaga Hidrolik, yaiku nganggé konsèp panggerak Fluida (cairan) kanggo sistem gubahaé. Aktuator pnèumatik nganggo komprèssi udara lan gas, bèdha kaliyan hidrolik sing nganggo oli. Keuntungan nganggo pnèumatik yaiku kemudahan ing nyediakaké tenaga utawa Torsi sing gedhi mlebu tenaga ing sakdurungé nyimpen tenaga iki ing bentuk komprèsi.

Aktuator Pnèumatik gubah ènergi (biasané komprèsi udara utawa gas) dadi gubahan mekanikal. gèrakan iki saget muter utawa liniér, gumantung jininsing aktuator. beberapa jinising aktuator pneumatik, yaiku:

  • Tie Silinder tabung
  • Aktuator rotary
  • Panjepit (grapper)
  • Rodless aktuator kaliyan magnetik linkage utawa Silinder rotary
  • Rodless aktuator kaliyan jaringan mekanis
  • Pneumatik awujud otot gawean
  • aktuator khusus sing gabungké putaran lan gerakan putar (rotary) akèh dianggo kanggo sistem krèm
  • Generator Vakum

Aktuator pnèumatik terdiri saka Piston, tabung silinder (silinder), katup lan port. Piston ditutup karo diafragma, utawa sègel sing njaga udara ing ndhuwur tabung (silinder), piston berfungsi kanggo neken udara mlebu diafragma mengisor, gerak ing ngisore piston.[1] Aktuator Pneumatik biasané ndhuwèni 1 tempat kanggé lubang udara, isa ndhuwur, isa ngisor gumantung kabutuhané. katup mbutuhaké sitik tekanan kanggĥ panekanan luwih. saya gedhi piston sing dianggo lan silinderé, saya gedhi uga tenaga (output) kasilé. Nduwèni piston sing gedhi uga apik kanggo tekanan sing luwih gedhi lan udara sing luwih sitik.[2] tekanan sing nganggo udara sitik waè nalika pistoné gedhi isa ngerusak sillinder paralon, mula biasané silinder (tabung) nganggo bahan dasar wesi. 100 kPa tenaga tekanan piston isa ngangkat mobil cilik (nganti 1000 lbs / 453,5 Kg) lan iki nganggoné katup pnèumatik cilik. Nanging, nalika tenaga kasilé gedhi lan silinderé cilik, sistem kuwi isa ngerusak silinder.[3]

Silinder Pnèumatik[sunting | sunting sumber]

Silinder Pneumatik

silinder pnèumatik isa digunakaké dadi aktuator pnèumatik kanggo kasilaké gubahan translasi. pamilihan tipe silinder isa dipadhakaké kaliyan dawa langkah sing dikarepaké. bagian-bagian utama Silinder Pneumatik yaiku:

  • Batangan Silinder
  • Piston
  • Lubang kanggo saluran mlebu lan metu sistem komprèsi.

lubang kanggo saluran piston kuwi transmisi daya isa dilakoaké. menawa komprèsi lubang sisih tengen luwih dhuwur tinimbang sish kiwa maka piston gubah ning sisih kiwa, padha uga sawaliké.

Aktuator jininsing silinder kuwi biasané dianggo nganggo kompréssor, ing industri robotika, aktuator iki dianggo dèning robot angkat abot, utawa robot prèss, mula silinderé gedhi lan uga tenagané luwih saka 1000 kPa.


Uga ndelok[sunting | sunting sumber]


Cathethan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "Aktuator Pneumatik". http://en.wikipedia.org/wiki/Pneumatic_actuator. Retrieved 2013-01-12.
  2. ^ "Aktuator Pneumatik". http://en.wikipedia.org/wiki/Pneumatic_actuator. Retrieved 2013-01-12.
  3. ^ "Aktuator Pneumatik". http://en.wikipedia.org/wiki/Pneumatic_actuator. Retrieved 2013-01-12.