Agnipraba
Agnipraba iku manggala raseksa Ngalengka, balane Prabu Dasamuka. Wujude buta rambute suri (kaya rambute jaran), rupane kuning semu abang. Ana ing Ngalengka, dipercaya mandhegani wadyabala buta Ngalengka sabergada.
Ing lakon Brubuh Ngalengka, nalika weruh kanca-kancane padhadene manggala mati ing paprangan (kayata Pragongsa lan Bajramusthi), Agnipraba saya ndadi muringe. Sigra matak aji Lumbung Dahana, sanalika saka tutuke mijil geni mangalad-alad, banjur ngamuk barisaning kethek. Akeh bala kethek kang mati kobong. Kethek sing isih urip, padha mlayu sumingkir.
Weruh bala kethek padha sirna, Patih Anila sigra mangsah yuda. Njebol watu sing gedhene sapeluk, banjur methukake pangamuke Agnipraba. Dadi perang tandhing rame. Wusanane Agnipraba pecah sirahe, diblegi watu dening Anila.
Kapethik Saking
[besut | besut sumber]Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang.Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.