Ageng Tirtayasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sultan Ageng Tirtayasa
Sultan Ageng Tirtayasa.jpg
Lair 1631
Banten
Pati Dhésèmber 05, 1683 (yuswa 51–52)
Bantenl, Indonésia
Jalaran pati Shot
Jawa Kulon
Pakaryan Pajuang Pulo Jawa
Wong tuwa(s) Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:TableTools' not found.

Sultan Ageng Tirtayasa ya iku pahlawan Indonésia kang asalé saka Banten.[1] Jeneng asline Sultan Ageng Tirtayasa ya iku Abu'l Fath Abdulfattah.[1] Sultan Ageng Tirtayasa lungguh ing tahta lan dadi raja Banten wonten taun 1951.[1] Sultan kang umur 20 taun sampun boten seneng kaliyan Walanda amarga Walanda ditingali namung dadi pengrusak padodolan ing tlatah Banten.[1] Nalika Walanda teka ana Banten, Sultan Ageng njalin kerjasama karo Bengkulu, Cirebon, lan Mataram.[2] Sultan Ageng ngupayaake ngalang-ngalangi padodolan Walanda.[1] Saliyané iku, wong-wong Banten uga kautus kanggo ngrewangi nglancarake serangan gerilya marang Walanda ing Jakarta, bisa liwat jalur dharat utawa laut.[1]

Sultan Agung Tirtayasa lair ing Serang taun 1631 lan tinggal donya ing Serang uga taun 1692[3] Sultan Agung Tirtayasa ya iku anake Abu al-Ma'ali Ahmad.[3] Ibune Sultan Agung Tirtayasa ya iku Ratu Martakusuma.[4] Nalika cilik dhèwèké duwé gelar Pangeran Surya.[3] Nalika Bapake tinggal donya,Sultan Ageng diangkat dadi Sultan Mudha kanthi gelar Pangeran Dipati.[3] Jeneng Tirtayasa diolehi nalika yasa kraton anyar ing désa Tirtayasa (ing Kabupatèn Serang).[3] Nalika mangsa pemerintahane ing Kesultanan Banten (1651-1682, dhèwèké nggalang perlawanan marang VOC lan nggawé Banten minangka Kesultanan Islam kang makmur.[3]

Nalika cilik,Ageng Tirtayasa duwé gelar pangeran Surya.[5] Nalika bapake sedho, dhèwèké diangkat dadi sultan Muda sing digelari Pangeran Ratu utawa Pangeran Dipati.[5] Sawisé simbahe sedho donya, dhèwèké diangkat dadi sultan kanthi gelar Sultah Fathi Abdul Fattah.[5] Sultan Ageng Tirtayasa nguwasai ing kesultanan Banten ing periode 1651-1682.[5] Dhèwèké mimpin akèh perang lawan Walanda.[5] Mangsa iku, VOC nerapke kesepakatan monopoli dagang sing ngrugike kesultanan Banten.[5] Terus Tirtayasa nolak maring kesepakatan iku lan gawé Banten supaya dadi Pelabuhan kang terbuka kanggo umum.[5] Mangsa iku, Sultan Ageng Tirtayasa pengen wujudake Banten dadi karajan Islam kang gedhé dhéwé.[5]

Ing babagan ékonomi, Tirtayasa ngupayakake bisa ningkatke kesejahteraane rakyat kanthi cara mbukak sawah-sawah anyar lan ngembangke irigasi utawa pengairan.[5] Ing babagan Keagamaan, dhèwèké ngangkat syekh Yusuf dadi mufti karajan lan penasehat sultan.[5] Nalika ana sengketa antarané putra lorone, Sultan Haji lan Pangeran Purbaya, Walanda mèlu campur tangan ya iku sekuthu karo Sultan Haji kanggo nyingkirke Sultan Ageng Tirtayasa.[5] Nalika Tirtayasa ngepung wadyabala Sulta[ Haji ing Sorosowan (Banten), Walanda ngrewangi sultan Haji ya iku kanthi cara ngirimake wadyabala kang dipimpin déning Kapten Track lan de Saint Martin.[5]

Silsilah Sultan Agung Tirtayasa[6][besut | besut sumber]

  1. Sultan Haji
  2. Pg. Arya Abdul ‘Alim
  3. Pg. Arya Ingayudadipuna
  4. Pg. Anya Punbaya
  5. Pangenan Sugiri
  6. Tubagus Rajasuta
  7. Tubagus Rajaputna
  8. Tubagus Husen
  9. Raden Mandaraka
  10. Raden Saleh
  11. Raden Sum
  12. Raden Mesir
  13. Reden Muhammad
  14. Raden Muhsin
  15. Tubagus Wétan
  16. Tubagus Muhammad Athif

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f www.tokohindonesia.com Melawan Monopoli Walanda (diundhuh 28 Me 2011)
  2. ^ books.google.com(diundhuh 5 Juni 2011)
  3. ^ a b c d e f www.kidnesia.com Sultan Ageng Tirtayasa (diundhuh 28 Mèi 2011)
  4. ^ openlibrary.org Pahlawan Nasional Sultan Ageng Tirtayasa (diundhuh 28 Me 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i j k l [1] Pahlawan Nasional Sutan Ageng Tirtayasa (diundhuh 25 Juni 2011)
  6. ^ archive.kaskus.us(diundhuh 5 Juni 2011)