Menyang kontèn

Agag-agag

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Agag-agag bisa kanthi cara alus bisa uga terang-terangan. Juru paraga Justus D. Barnes ing filem The Great Train Robbery

Agag-agag utawa anceman yaiku wujuding pariwicara kanthi niyat mbranani utawa marai rugi marang wong liya.[1] Anggras utawa intimidhasi minangka cara sing kerep piguna kanggo nggawé wong liya andhap dhiri murih bisa dipeksa utawa dikendhalekaké. Tumindak nganggras kanggo meksa iki kalebu agag-agag.

Agag-agag lumebu tumindak kadurjanan amarga nyeja lan nyumurupi nggawé wong liya wedi awaké bakal ditabeti.[2]

Sawetara rupa agag-agag umum sing dipacuh dening ukum yaiku agag-agag sing ancasé piwoleh bathi dhuwit utawa meksa wong liya tumandang barang-barang sing mungsuhi kekarepané. Sajeroné akèh praja ing AS, ngagag-ngagagi kanthi (1) piguna gaman mbebayani marang wong liya; (2) nabeti awak utawa bandhané wong liya; utawa (3) mbubrah ela-ela utawa reputasi wong liya iku kalebu tumindak nerak ukum.[3]

  1. "threat". Oxford English Dictionary (édhisi ka-Online). Oxford University Press. (Kudu langganan utawa dadi anggota pabukon umum Karajan Manunggal.)
  2. "Threat of Harm Law and Legal Definition". uslegal.com. USLegal.
  3. Phelps and Lehman, Shirelle and Jeffrey (2005). West's Encyclopedia of American Law. Detroit: Gale Virtual Reference Library. kc. 27.