Menyang kontèn

Adrienne Barbeau

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Adrienne Barbeau (2025)

Adrienne Barbeau (lair 10 Juni 1945) iku aktris lan pangripta Amérika Sarékat. Dheweke misuwur ing taun 1970-an minangka Betty Rizzo asli Broadway ing musikal Grease, lan minangka Carol Traynor, anaké wadon Maude Findlay sing wis pegatan (diparagakaké d;ening Bea Arthur) ing sitkom Maude (1972–1978).[1] Ing taun 1980, dhèwèké wiwit tampil ing film horor lan fiksi ngèlmiah , kalebu The Fog (1980), Escape from New York (1981), Creepshow (1982), lan Swamp Thing (1982). Dhèwèké uga dadi juru ngisi swara Catwoman ing DC Animated Universe. Ing taun 2000-an, dhèwèké tampil ing sèri HBO Carnivàle (2003–2005) minangka Ruthie.

Urip awal

[besut | besut sumber]

Barbeau lair tanggal 11 Juni 1945, ing Sacramento, California,[2] minangka anaké wadon Armene (lair minangka Nalbandian) lan Joseph Barbeau, sing dadi èksèkutif hubungan masyarakat kanggo Mobil Oil.[3] Ibuné turunan Armènia lan leluhure bapakné wong Prancis, Kanada, Irlan, lan Jerman.[4] Dhèwèké nduwé mbakyu, Jocelyn, lan sedulur kuwalon saka bapakné, Robert Barbeau, sing isih manggon ing wilayah Sacramento. Dhèwèké sekolah ing Del Mar High School ing San Jose, California. Sawisé lulus ing taun 1963,[5] dhèwèké ndhaptar ing Foothill College ing Los Altos Hills, California, nanging metu nalika umur 19 taun kanggo mèlu Tur USO karo San Jose Light Opera.[6] Ing buku otobiografiné, Barbeau kandha manawa dhèwèké pisanan kepincut karo bisnis pagelaran nalika nglipur pasukan ing pangkalan wadyabala ing saindenging Asia Kidul-Wétan, tur karo San Jose Civic Light Opera.[7]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Adrienne Barbeau". TV Guide. Diarsip saka asliné ing December 12, 2019. Dibukak ing December 12, 2019.
  2. John Willis' Theatre World: Volume 29, Crown Publishers, 1972, kc. 239
  3. "ADRIENNE BARBEAU PUTS "BEST' FOOT FORWARD". The Sacramento Bee. July 18, 1993. Diarsip saka asliné ing December 8, 2019. Dibukak ing December 10, 2007.
  4. Nakhnikian, Elise (December 1, 1992). "THE GLAMOUR OF HOLLYWOOD: ARMENIANS IN SHOW BIZ". Armenian General Benevolent Union. Diarsip saka sing asli ing February 28, 2019. Dibukak ing March 7, 2019.
  5. Singh, Gary (March 20, 2008). "San Jose's Favorite Daughter". Sanjoseinside. Diarsip saka asliné ing July 8, 2023. Dibukak ing July 8, 2023.
  6. Hall, Ken. "Everything Adrienne Barbeau Collects Gets Put To Good Use". Southeastern Antiquing and Collecting Magazine. Diarsip saka asliné ing March 31, 2023. Dibukak ing July 8, 2023.
  7. Grigware, Don (April 9, 2018). "BWW Review: Fun Evening of Adrienne Barbeau's THERE ARE WORSE THINGS I COULD DO". BroadwayWorld. Diarsip saka asliné ing September 24, 2019. Dibukak ing March 7, 2019.