Menyang kontèn

Adoh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Plang sing nuduhaké leté papan ing cedhak Visakhapatnam, India

Adoh yaiku pangukuran sapira adohé barang, titik, wong, utawa sawijiné gagasan. Ing fisika uga ing saben dina, let bisa nuduhaké adoh utawa pangira-ngira adhedhasar barang liya (tuladhané "let rong omah saka kéné"). Tetembungan iki uga kerep digunakaké kanthi sanepa[1] kanggo ngrata-rata gunggung bédané barang sing padha. Tuladhané kaya ing let-letan setatistika (statistical distance) antarané sinebaran kamungkinan (probability distribution) utawa let-letan besutan (edit distance) antarané string teks. Let-letan iki cinatet ing ganitasastra kanthi gagasan lowahan matra (metric space).

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Schnall, Simone (2014). "Are there basic metaphors?". The power of metaphor: Examining its influence on social life. American Psychological Association. kc. 225–247. doi:10.1037/14278-010. ISBN 978-1-4338-1579-9.