Adi Utarini
Adi Utarini (lair: 4 Juni 1965) yaiku pengajar lan paneliti saka Fakultas Kedokteran, Kesehatan Masyarakat dan Keperawatan (FK-KMK) Universitas Gadjah Mada. Ing Desember 2020, Adi Utarini dianugerahi bebungah 10 paneliti paling ndayani ing donya saka jurnal ilmiah Nature jalaran panelitene bab pangurangan priyang dhénggé nganggo intervensi lemud sing wis diwenehi baktèri Wolbachia in Ngayogyakarta.[1][2] Ing 2021, Utarini klebu ing Time 100 yaiku dhaftar 100 wong paling ndayani versi majalah Time.[3]
Sajarah awal
[besut | besut sumber]Adi Utarini miwiti pendhidhikan kedhokteran ing Universitas Gadjah Mada, Ngayogyakarta.[4]Sawise lulus taun 1989,[4] dheweke entuk loro gelar Master saka UCL Great Ormond Street Institute of Child Health, Inggris (1994) sarta Universitas Umeå, Swedia (1997).[5]
Dhèwèké banjur nerusaké pendhidhikan ing Umeå kanggo gelar doktor (S3). Panaliten dhoktore ana ing Umeå yaiku program pangurangan malaria ing Kabupaten Jepara, Jawa Tengah.[6] Dheweke entuk gelar doktor nalika taun 2002.[7]
Karir lan paneliten
[besut | besut sumber]Utarini minangka guru lan paneliti ing Universitas Gadjah Mada kanthi spesialisasi ing kontrol penyakit lan kualitas layanan kesehatan. [8] Dhèwèké uga njabat dadi kepala Eliminate Dengue Project (Proyek Ngilangi Dhénggé) ing Yogyakarta[4][9] minangka kutha kang duwé tingkat panularan dhengge dhuwur.[10] Ing taun 2018, dheweke nganakake seminar TEDx babagan upaya nyuda dhénggé ing kutha.[11]
Utarini minangka salah sawijining pimpinan uji coba terkontrol kanthi acak kanggo riset teknik nggunakake lemud sing diwenehi baktèri Wolbachia kanggo nyuda panyebaran penyakit sing ditularake lemud, kalebu priyang dhénggé, sing wis ditindakake wiwit taun 2016 ing Ngayogyakarta.[10][12] Ing wulan Agustus 2020, dheweke ngumumake cara iki bisa nyuda kasus dhénggé nganti 77% ing masa paneliten.[10][13] Wolbachia minangka bakteri sing yen diwenehake marang lemud, bisa nyegah panyebaran virus saka lemud menyang manungsa.[10] Cara iki wis dikembangake wiwit taun 1990-an ing Universitas Monash, nanging sadurunge riset, Utarini ora duwe studi kontrol acak sing ditindakake kanggo mbuktekake, mula jurnal ilmiah Nature nyebutake riset iki minangka "bukti paling kuat" kanggo mbuktekake metode Wolbachia.[14]
Ing panliten iki, kutha Yogyakarta kaperang dadi 24 dhaerah, 12 dhaerah dipilih kanthi acak kanggo nyebarake nyamuk kang wis diwenehi Wolbachia lan turahe 12 ditinggalake minangka pembanding (kontrol). Ing Desember 2020, data riset durung diterbitake kanthi lengkap, nanging asil sawetara sing dirilis ing Agustus 2020 nuduhake anjloge kasus dhénggé ing wilayah sing wis disebari lemud Wolbachia kanthi 77% dibandhingake karo wilayah kontrol.[10] Para ahli epidemiologi donya nyebut asil kasebut "nggumunake tenan", lan minangka langkah penting ing upaya kanggo nyirnakake dhénggé sing nyebabake 400 yuta infeksi lan 25.000 tiwas saben taun ing saindenging jagad.[10][14]
Utarini direkrut ing upaya iki ing taun 2013 lan dadi ilmuwan utama ing Indonesia. Saliyane mimpin lan koordinasi riset, dheweke uga duwe peran penting kanggo ngentuki ijin saka macem-macem kementerian kanggo eksperimen iki.[14] Ing masa paneliten iki, Utarini nglumpukake dhukungan masyarakat kanthi nggawe macem-macem mural, film lan video cekak, uga ketemu langsung. Antusiasme masyarakat kanggo melu dianggep minangka salah sawijining aspek sukses ing paneliten iki.[10]
Ing taun 2020, Utarini kapilih minangka salah siji saka Nature's 10, yaiku dhaftar sepuluh ilmuwan paling ndayani ing saindhenging taun, amarga upayane ngrintis kanggo nguji lemud sing diwenehi Wolbachia ing Indonesia.[14] Kandhane marang koran Kompas, dhèwèké kaget yèn jenengé dilebokaké. Kanggo mesthekake, dheweke ngubungi Direktur WMP ing Vietnam Scott O'Neill . Wiwitane dheweke ngira yen jenenge wis dilebokake wong liya, jebul Nature nduweni cara dhewe kanggo milih. Sadurunge, ujare Utarini, dheweke wis diwawancara lan difoto khusus 2 minggu sadurunge jenenge kalebu ing laporan jurnal kuwi.[15]
Pribadi
[besut | besut sumber]Utarini uga dikenal minangka "Prof Uut" lan diarani "menengan nanging persuasif" dening kanca-kancane. Hobi dheweke antarane yaiku pit-pitan lan dolanan piano. Bojone Utarini, Iwan Dwiprahasto, uga dosen ing UGM. Iwan tilar donya amarga Pandemi COVID-19 ing Indonesia ing Maret 2020.[10][16]
- Wardhani, Viera; Utarini, Adi; van Dijk, Jitse Pieter; Post, Doeke; Groothoff, Johan Willem (2009-03-01). "Determinants of quality management systems implementation in hospitals". Health Policy (ing basa Inggris). 89 (3): 239–251. doi:10.1016/j.healthpol.2008.06.008. ISSN 0168-8510.
- Claramita, Mora; Utarini, Adi; Soebono, Hardyanto; Van Dalen, Jan; Van der Vleuten, Cees (2011-03-01). "Doctor–patient communication in a Southeast Asian setting: the conflict between ideal and reality". Advances in Health Sciences Education (ing basa Inggris). 16 (1): 69–80. doi:10.1007/s10459-010-9242-7. ISSN 1573-1677. PMC 3074074. PMID 20658353.
- Tantowijoyo, Warsito; Andari, Bekti; Arguni, Eggi; Budiwati, Nida; Nurhayati, Indah; Fitriana, Iva; Ernesia, Inggrid; Daniwijaya, Edwin W.; Supriyati, Endah (2020-04-17). "Stable establishment of wMel Wolbachia in Aedes aegypti populations in Yogyakarta, Indonesia". PLOS Neglected Tropical Diseases (ing basa Inggris). 14 (4): e0008157. doi:10.1371/journal.pntd.0008157. ISSN 1935-2735. PMC 7190183. PMID 32302295.
Saliyane publikasi ilmiah, Utarini uga nulis kanggo situs web The Conversation.[17]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Kusuma, Wijaya. Arief, Teuku Muhammad Valdy (èd.). "Peneliti UGM Masuk 10 Besar Ilmuwan Berpengaruh Dunia Versi Jurnal Nature". Kompas.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ "Nature's 10: ten people who helped shape science in 2020". www.nature.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ Rafter, Darcy (2021-09-15). "Who is Adi Utarini, health professor from Time 100 most influential". The Focus (ing basa Inggris Karajan Manunggal). Diarsip saka sing asli ing 2021-12-27. Dibukak ing 2021-09-16.
- ↑ a b c "Prof. dr. Adi Utarini, M.Sc, MPH, Ph.D – Health Policy and Management UGM" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ "Dr Adi Utarini". Australia-Indonesia Centre (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ Utarini, Adi (2002). Evaluation of the user-provider interface in malaria control programme: the case of Jepara district, Central Java province, Indonesia (Thesis) . Umeå: Univ.
- ↑ Adi Utarini . OCLC 4780019278.
- ↑ "Dr Adi Utarini". Australia-Indonesia Centre (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ Foundation, Thomson Reuters. "Adi Utarini, Indonesia's project leader at the Eliminate Dengue Program, poses behind netting inside a room where mosquitoes carrying Wolbachia bacteria are stored and fed in Yogyakarta". news.news.trust.org. Dibukak ing 2020-12-19.[pranala mati permanèn]
- ↑ a b c d e f g h Callaway, Ewen (2020-08-27). "The mosquito strategy that could eliminate dengue". Nature (ing basa Inggris). doi:10.1038/d41586-020-02492-1.
- ↑ Utarini, Adi, Sacred Bucket (ing basa Inggris), dibukak ing 2020-12-19
- ↑ Anders, Katherine L.; Indriani, Citra; Ahmad, Riris Andono; Tantowijoyo, Warsito; Arguni, Eggi; Andari, Bekti; Jewell, Nicholas P.; Dufault, Suzanne M.; Ryan, Peter A. (2020-05-25). "Update to the AWED (Applying Wolbachia to Eliminate Dengue) trial study protocol: a cluster randomised controlled trial in Yogyakarta, Indonesia". Trials. 21. doi:10.1186/s13063-020-04367-2. ISSN 1745-6215. PMC 7249400. PMID 32450914.
- ↑ "World Mosquito Program's Wolbachia method dramatically reduces dengue incidence in Indonesia". LSHTM (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ a b c d "Nature's 10: ten people who helped shape science in 2020". www.nature.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-12-19.
- ↑ Napitupulu, Ester Lince (21 Desember 2020). "Adi Utarini: Sumbangan pada Dunia". Kompas. Hlm. 16.
- ↑ "Nakes Gugur: Terus Bertambah, Bukan Sekadar Angka". VOA News (ing basa Indonesia). 6 September 2020.
- ↑ "Adi Utarini". The Conversation (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-12-19.