Menyang kontèn

Abiogenesis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tataran ing salebeting lampahing asal-usul kauripan gumelar saking ingkang sampun dipunmangertosi kanthi saé, kados ta Bumi ingkang saged dipunpanggèni sarta sintèsis abiotik saking molekul prasaja, dumugi ingkang sapérangan ageng dèrèng kawiyak, kados ta asal-usuling leluhur pungkasan ingkang nunggal (LUCA) kanthi piguna molekulipun ingkang rumit.

Abiogénésis utawi asal-usuling kauripan (kala-kala kasebat biopoésis) minangka lampah alami ing pundi kauripan tuwuh saking wujud ingkang boten gesang, kados ta senyawa organik ingkang prasaja. Hipotésisilmiah ingkang dipunugemi inggih punika bilih éwah-éwahan saking wujud ingkang boten gesang dados wujud ingkang gesang ing Bumi sanès minangka kadadosan tunggal, nanging wujud lampah nuju karumitan ingkang sansaya mindhak, ngewrat dumadining planèt ingkang saged dipunpanggèni, sintèsis prébiotik saking molekul organik, réplikasi dhiri molekulèr, pangrakit dhiri, autokatalisis, sarta tuwuhing mémbran sèl. Éwah-éwahan saking bab ingkang boten gesang nuju kauripan dèrèng naté dipuntitipriksa kanthi uji coba, nanging sampun kathah pamanggih ingkang dipunajengaken kanggé manéka tataran ing lampah kasebat.Pangajian ngéngingi abiogénésis nggadhahi ancas kanggé nemtokaken kados pundi réaksi kimia pra-kauripan nglairaken kauripan ing saandhaping kahanan ingkang béda tebih kalihan kahanan Bumi ing mangsa sapunika. Pangajian punika ngginakaken piranti saking biologi sarta kimia, ngupadi panggabungan saking manéka warna kawruh èlmu. Kauripan saged lumampah lumantar panggayuting kimiawi karbon sarta toya, lan kawangun ing sanginggiling kawan golongan kimiawi: lipid kanggé mémbran sèl, karbohidrat kados ta gendhis, asem amino kanggé métabolisme protéin, sarta asem nukléat rupa DNA lan RNA kanggé pawarisan sipat. Sawijining téyori abiogénésis kedah saged medharaken asal-usul sarta sesambetan saking golongan-golongan molekul punika.

Kathah pamawas ingkang nliti kados pundi molekul ingkang saged ngréplikasi dhiri saged dumadi. Para panaliti nggadhahi pamanggih bilih kauripan asalipun saking donya RNA, sanadyan molekul sanès ingkang saged ngréplikasi sarta ngatalisasi dhiri mbok bilih sampun wonten sadèrèngipun RNA. Pamawas sanèsipun (hipotésis "métabolisme-rumiyin") munjeraken kados pundi katalisis ing Bumi purba mbok bilih sampun nyawisaken molekul prekursor kanggé réplikasi dhiri. Pangujian Miller–Urey ing taun 1952 mbuktikaken bilih asem amino saged dipunsintèsis saking senyawa anorganik ing kahanan ingkang kados kahanan Bumi purba. Ing wekdal salajengipun, asem amino sampun kapanggih wonten ing mètéorit, komèt, astéroid, sarta wewengkon panggawéan lintang ing antariksa.Sanadyan leluhur pungkasan ingkang nunggal saking sedaya organisme modhèren (LUCA) gesang yutan taun sasampunipun asal-usuling kauripan, panalitèn ngéngingi bab punika saged paring pituduh dhumateng panalitèn ngéngingi titikan universal ing wekdal purba. Pamawas génomika sampun ngupadi kanggé merang titikan LUCA kanthi nitik gèn ingkang dipunbagèkaken antawisipun Archéa sarta Baktéri, cawang utami saking kauripan. Katingalipun wonten 60 protéin ingkang asipat umum tumrap sedaya kauripan sarta 355 gèn prokariotik ingkang nglacak dhumateng LUCA; pigunanipun paring teges bilih LUCA asipat anaérobik mawi margi Wood–Ljungdahl, mendhet ènèrgi lumantar kémiosmosis, sarta ngginakaken DNA, sandi gènetik, sarta ribosom. Sèl-sèl ingkang langkung rumiyin mbok bilih nggadhahi mémbran ingkang bocor sarta dipunpanjangkepi déning gradièn proton alami celak rongga hidrotermal beluk pethak ing telenging seganten; utawi, kauripan mbok bilih asalipun saking lebet kerak bawana utawi ing toya ing panginggiling Bumi.Sanadyan Bumi minangka satunggal-satunggalipun papan ingkang dipunmangertosi ngandhut kauripan, para ahli astrobiologi nggadhahi panyana bilih kauripan ugi wonten lan dumadi lumantar lampah ingkang mèmper ing planèt sanès. Bukti géokimiawi sarta bukti fosil dados dhasar tumrap makathah-kathahing panalitèn. Bumi kawangun ing 4,54 Gya (milyar taun kapengker), sarta bukti kauripan paling sepuh ing Bumi asalipun saking 3,8 Gya ing Ostrali Kilèn. Mikro-organisme fosil mbok bilih naté gesang ing endhapan rongga hidrotermal saking Quebec, boten dangu sasampunipun dumadining samodra ing mangsa Hadéan, saéngga lampah punika katingalipun kalampahan kanthi radi rikat miturut ukuran wekdal géologis.