Arakan Rohingya Salvation Army

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka ARSA)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Arakan Rohingya Salvation Army (Burma: အာရ်ကန်ရိုဟင်ဂျာ ကယ်တင်ရေးတပ်မတော်; dicekak ARSA),[1][2][3] jeneng lawasé: Harakah al-Yaqin[4][5] utawa Faith Movement (Obahan Iman), iku pakumpulan ontran-ontran Rohingya kang kagiyatané ing alas gung ing iring lor Praja Rakhine, Myanmar. Pakumpulan iki dipandhégani Ata Ullah, ya iku wong Rohingya kang lair ing Karachi, Pakistan, lan gedhé ing Mekah, Arab Saudi.

Miturut interogator kapala, ya iku Yan Naing Latt (Mantri Pulisi), kang nggencer (interogasi) wong kang ditarka anggotané ARSA ing pakunjaran ing Sittwe, pakumpulan iki duwé pangangkah nedya nggawé "praja Muslim dhémokratis kanggo wong-wong Rohingya". Sanajan ora ana bukti kang kuwat bab gegayutané ARSA karo pakumpulan-pakumpulan Islamis njaban rangkah, pamaréntah Burma ndakwa yèn pakumpulan iki ana gayutané lan diwragadi pakumpulan-pakumpulan Islamis njaban rangkah.[6] Pamaréntah Burma uga ndakwa ARSA merjaya warga sipil 34 nganti 44 lan mbedhog 22 liyané ing serangan balesané ARSA marang péhak-péhak kang dianggep ana gèdhèg-anthuké karo pamaréntah.[7][8] Nanging, dakwané iku ditampik déning ARSA, kang ngandharaké yèn pakumpulané "ora gegayutan karo pakumpulan-pakumpulan téroris utawa pakumpulan-pakumpulan Islamis njaban rangkah" lan nandhesaké yèn "incerané mung réjim Burma kang nindhes (oprèsif)".

Rikala 25 Agustus 2017, Kumite Séntral Lumawan Térorisme ing Myanmar mbiwara yèn ARSA mono kagolong pakumpulan téroris kanthi dhedhasar pranatan bab lumawan tèrorisme kang dicakaké ing nagara iku.[9] Mangkonoa, nalika 28 Agustus ARSA ngetokaké layang pratélan pèrs kang mratélakaké yèn dakwané pamaréntah mau "ora dhedhasar" lan ngandharaké manawa ancasé pakumpulané mligi mbélani hak-haké wong Rohingya.[10]

Layang pratélan pèrs[besut | besut sumber]

Nalika 17 Oktober 2016, pakumpulan iki (nganggo jeneng Harakah al-Yaqin) ngetokaké layang pratélan pèrs lumantar internèt. Ing dalem limang menitan, sawijining vidhio nuduhaké pandhéganing ARSA, Ata Ullah, kang diampingi wadyabalané kang agegaman, macakaké salembar kertas:

Warga [Praja] Arakan, warga Myanmar, lan warga sajagat.

Wis dudu wadi manèh yèn wong Rohingya mono dadi ètnis minoritas kang paling disiya-siya ing saindenging donya. Ing dalem enem dasawarsa iki, kita dadi incerané rajapati lan samubarang kawengisané réjim Burma tirani kang lumintu.

Nanging wong sajagat padha milih nyingkur! Uga, wong sajagat kang jaréné "rigen" pranyata wurung nylametaké awak dhéwé!

Kita [Harakah al-Yaqin], putra-putrané bumi Arakan, kang kapeksa amarga kaanan kang nggegirisi iki nedya nuruti takdiré kita dhéwé kanthi cara kraman, nemtokaké nasibé kita dhéwé, lan mbélani kita dhéwé, madeg mardika bébas saka manéka warna bebaya, marsudi hak asasi manungsa lan [rupa-rupa] bebener liyané kanggo kabèh wong Arakan, kalebu wong-wong Rohingya lan warga sipil liyané ing kiwa-tengené kita kang ora salah apa-apa, nanging terus-terusan kena pepati ing tangané militèr.

Kita nandhesaké yèn wong-wongé kita wis padha mutusaké sedya urip mardika saka panguwasa kang nindhes, saka pepati kang nggegirisi ing Teluk Banggala, ing alas-alas Thai lan ing tangané para durjana kang ngadoli manungsa. Kita mutusaké sedya njaga ibu-ibuné kita, kakang-adhiné kita, pepundhèné kita, anak-anaké kita, lan kita salira.

Kita ora bakal mandeg nganti samubarang gegayuhan kita bisa kelakon kanthi pitulungané wong-wong sajagat kang isih padha duwé adab.

Eneng vidhio liyané dibabar lumantar internèt déning pakumpulan iki antarané tanggal 10 lan 27 Oktober 2016.[11]

Ing tanggal 29 Maret 2017, pakumpulan iki mbabar layang pratélan pèrs nganggo jeneng anyar, Arakan Rohingya Salvation Army (ARSA). Isi layangé antarané tunturan-tuntutan marang pamaréntah Burma.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Freeman, Joe. "Myanmar’s Rohingya Insurgency Strikes Pragmatic Note". VOA (ing basa Inggris). Dijupuk 30 March 2017. 
  2. "Rohingya ‘Army’ stresses right to self-defence in first statement". Frontier Myanmar (ing basa Inggris). Dijupuk 30 March 2017. 
  3. "Myanmar's armed Rohingya militants deny terrorist links". Fox News. 28 March 2017. Dijupuk 30 March 2017. 
  4. "Myanmar: A New Muslim Insurgency in Rakhine State". Crisis Group (ing basa Inggris). 15 December 2016. Dijupuk 23 January 2017. 
  5. Lewis, Simon (14 December 2016). "Myanmar's Rohingya insurgency has links to Saudi, Pakistan: report". Reuters. Dijupuk 15 December 2016. 
  6. Lone, Wa; Lewis, Simon; Das, Krishna N. (9 March 2017). "Myanmar Says Foreign Islamists Instigated Series of Attacks". Reuters. Dijupuk 10 March 2017. 
  7. McDonald, Taylor (22 June 2017). "Rohingya ‘insurgent’ camp raided - Asean Economist". Asean Economist. Dijupuk 19 July 2017. 
  8. "Myanmar sees insurgents behind Rohingya killings in northwest". Reuters. 2017. Dijupuk 21 July 2017. 
  9. "Exclusive: Is this the final confrontation for the Rohingya?". Dhaka Tribune. 27 August 2017. Dijupuk 29 August 2017. 
  10. "Thousands of panic-stricken civilians flee fighting in Myanmar's northwest". Reuters (Japan Times). 28 August 2017. Dijupuk 28 August 2017. 
  11. McPherson, Poppy (17 November 2016). "‘It will blow up’: fears Myanmar's deadly crackdown on Muslims will spiral out of control". The Guardian. Dijupuk 11 December 2016. 
  12. "Statement of Arakan Rohingya Salvation Army". www.rohingyablogger.com. Dijupuk 5 April 2017.