3 Body Problem (serial TV)
| 3 Body Problem | |
|---|---|
| Genre | |
| Digawé déning | |
| Adhedasar | Remembrance of Earth's Past déning Liu Cixin |
| Diparagakaké | |
| Musik déning | Ramin Djawadi |
| Negara asal | United States |
| Basa asli |
|
| Gunggung mangsa | 1 |
| Gunggung episode | 8 |
| Prodhuksi | |
| Eksekutif prodhuser |
|
| Prodhuser |
|
| Sinematografi |
|
| Editor |
|
| Suwéné acara | 44–63 minutes |
| Prodhuksi |
|
| Pambabaran | |
| Saluran tivi | Netflix |
| Lakuné acara | 21 Maret 2024 – present |
| Pranala jaba | |
| Website | |
3 Body Problem yaiku serial tivi rekan èlmiyah anggitan David Benioff, D. B. Weiss, lan Alexander Woo. Serial iki minangka saling pacak (adaptasi) serial novèl Remembrance of Earth’s Past anggitané tilas rekayasawan komputer Liu Cixing. Irah-irahan serial iki kajupuk saka jilid kapisan novelé, The Three-Body Problem, aran saka prakara ing fisika kruhun (klasik) ing babagan ukum ebah lan gravitasi Newton. Wolung episode mangsa kapisané dibabar ing Netflix ing 21 Maret 2024.
Punjeré lakon ing serial iki ana ing maneka pantha paraga, utamané pantha nimpuna sing ngadhepi paradaban manca bumi (extraterestrial). Paradaban iki mujudaké inciman lan owah-owahan gedhé-gedhen tumrap manungsa. Sanadyan rong salin pacak sadurungé, serial animasi The Three-Body Problem in Minecraft (2014-2020) lan lakon nyata (live action) Three-Body (2023), ngganggo basa Mandarin kaya ing novèl asliné, 3 Body Problem akèh nganggo basa Inggris, déné basa Mandariné mung sithik. Serial iki uga ngowahi papan crita sing asliné dumunung ing Tiongkok lan nglebokaké paraga-paraga mancanegara. Semana uga papan-papan manca, utamané Karajan Manunggal.
Serial iki minangka proyek tivi kapisané Benioff lan Weiss sarampungé serial dhèwèké, Game of Thrones (2011-2019). Serial iki nampa biji apik. Pamilihan juru paraga, skala proyek, lan mutu kirtané (produksinya), dielem apik. Serial iki nampa enem pepacung (nominasi) Primetime Emmy Award, salah sijiné pepacung Serial Sandiwara kang Pinunjul (Outstanding Drama Series). Ing Mei 2024 serial iki diwara arep ditutugaké menyang mangsa kapindho lan kateluné. Mangsa kapindhoné dijadwal diprawedhar ing 2026.
Poking Crita (Premis)
[besut | besut sumber]Juru astrofisika Tiongkok Ye Wenjie kudu ngadepi para pehak kawenang sawisé nyeksèni ramané seda nalika sidhang glawat (struggle session) jroning Walyakrama Kabudayan (Revolusi Kebudayaan). Dhèwèké dikirim menyang pangkalan tentara winadi amarga latar wuriné ing babagan pangawruhan (sains). Ing kana, dhèwèké balapan lumawan nagara liya kanggo dadi pehak kapisan sing bisa sesambungan karo alien jroning Perang Adhem. Dhèwèké banjur gawé pepunton sing bakalé ngowahi mangsa ngarep manungsa. Ing dina saiki, ing London, rerangkèning prastawa ngendhat nyalawadi lan maneka kedadeyan liya marakaké panyidik nagara lan sakumpulan bebatur karan “Lima Oxford” melbu marang mula bukané makluk manca bumi sing nyalawadi.