Ōmisoka
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ōmisoka (大晦日?) inggih punika dinten paling pungkasan wonten ing satunggal taun ing Jepang [1]. Miturut kalender lawas Jepang ingkang dhedhasar kalender lunisolar (kalender Tempō misalnya), ōmisoka mapan wonten ing tanggal 30 wulan 12, utawi tanggal 29 wulan 12. Jumbuh kaliyankalender Grégorius ingkang dipun-ginakaken ing Jepang wiwit saking taun 1873, ōmisoka punika ing 31 Dhésèmber [2]. Nama sanès kanggé ōmisoka inggih punika ōtsugomori (大つごもり?) asalipun saking tembung tsukigomori (月隠り?) ingkang ateges bersembunyinya bulan.
Ètimologi
[besut | besut sumber]Wonten ing kalender lawas Jepang, dinten pungkasan saben taun dipunsebat misoka (晦日?). Ing antawisipun misoka satunggal taun, dinten pungkasan ing wulan 12 utawi wulan wuntu 12 dipunsebat ōmisoka (misoka ageng). Misoka asalipun saking tembung miso (三十, tigang dasa), misoka ateges dinten kaping 30 [3]. Sanajan wonten periode wulan dawa lan periode wulan cendhèk, wonten wekdalipun misoka jaman rumiyin dugi ing tanggal 29. Wiwit dipun-ginakaken kalender Grégorius ing Jepang, ōmisoka asring dipunrayakaken nalika tanggal 31 Dhésèmber.
Tradisi gantos taun
[besut | besut sumber]Toshikoshi soba
[besut | besut sumber]Wengi gantosipun taun punika kalebet nalika dhahar toshikoshi soba (soba duduh nglewati taun) sareng kaliyan kulawarga. Mi soba ingkang alus lan dawa punika dados simbol saking kekajengan gesang kanthi tansah pikantuk kasarasan, tentrem lan dawa umuripun. Soba dipunpitayani minangka dedhaharan séhat amargi dipundamel saking glepung gandum jaran ingkang kawéntar minangka tuwuhan tahan kaliyan cuaca ingkang boten saé. Tuwuhan gandum jaran tuwuh malih sanajan kengoing jawah lan angin. Para penyade ing jaman Edo, nalika dinten pungkasan saben wulanipun repot sanget dumugi wanci dalu. Padatanipun dhahar soba duduh kanggé dhahar wengi. Pengrajin lembaran emas gadhah pakulinan ngempalaken serpihan-serpihan ngginaken gumpalan adonan saking mi soba. Awit saking punika, dhahar mi soba dipunpitadosi saged ngempalaken arta. Soba ingkang gampil pedhot punika dados simbol utang ingkang gampil dipunbayar lan masalah ingkang gampil dipunicalaken nalika taun ingkang énggal.
Hatsumode
[besut | besut sumber]Bibar gantosing taun, tiyang Jepang rawuh ing kuil Shinto lan kuil Buda kanggé nglampahi hatsumōde. Wonten ugi tradisi ninenmairi (二年参り kunjungan dua taun?), inggih punika sowan dhateng kuil nalika wengi taun énggal, kondur dhateng griya lajeng bibar gantosing taun kondur malih dhateng kuil.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Jepang, (dipunakses tanggal 14 Fèbruari 2013)
- ↑ Festival di Jepang, (dipunakses tanggal 14 Fèbruari 2013)
- ↑ Beragam Cara Dunia Rayakan Pergantian Malam Tahun Baru[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 14 Fèbruari 2013)