Éks Pabrik Gula Randhugunting
Èks Pabrik Gula Randhugunting (Carakan: ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦥꦧꦿꦶꦏ꧀ꦒꦸꦭꦫꦟ꧀ꦝꦸꦒꦸꦤ꧀ꦠꦶꦁ; cara Indonésia: Bekas Pabrik Gula Randugunting) iku salah sawijining cagar budhaya kang ana ing Kenaji Tamanan, Tamanmartani, Kalasan, Kabupatén Sléman, Yogyakarta. Manut saka Keputusan Bupati Nomér 79.19/Kep.KDH/A/2022 bab Status Cagar Budhaya Kabupatén Sléman Taun 2021 Tahap XIX, kang kudu diruwat uga dijaga kaya amanat Undhang-Undhang Nomer 11 Tahun 2010 bab Cagar Budhaya.[1]
Sejarah
[besut | besut sumber]Ing Yogyakarta, Kolonialé Bank mbangun klinik gawé buruh pribumi kang ana ing cedhak Pabrik Gula Randhugunting kala Taun 1910. Pabrik Gula Randhugunting yaiku pabrik gula kaping pisan kang ana ing Yogyakarta sing nduwéni piranti medhis. Ing séjarahé, klinik iki ora mung kanggo karyawan, uga bisa kanggo masarakat sandhingé sing butuh pangobatan amarga dhaérah kasébut durung ana faskés. Kira-kira, ana 50 pasién sing bisa dirawat néng kéné lan kanggo pélayanané, ana mantri siji lan pérawat loro. Ragad opérasional klinik oléh saka pamaréntah kolonial Walanda. Saliyané didhasari saka idéologi kamanungsan, pambukaning klinik kasarasan ing pakébonan iki uga kanggo ménéhaké péngobatan kang cépat kanggo buruh saéngga para buruh bisa bali tandang gawé. Klinik-klinik pakébonan kasébut kanthi ora langsung uga diwangun gawé invéstasi Kolonialé Bank kanggo nambah produktivitas pabrik.

Sakwisé krisis ékonomi ing taun 1930, klinik Randhugunting iku akhiré diwénéhaké déning Griya Waras Pétronélla, griya waras iku sing nduwé Zénding kang ana ing Yogyakarta. Klinik Randhugunting akhiré dadi bagéan saka griya waras abdi Pétronélla sing dibuka gwé sakabéhing pasién kang ana ing Yogyakarta. Pasién anyar lagi dirujuk ing Griya Waras Pétronélla yén butuh pénanganan ténanan. Gawé pirémbugan utawa résérvasi, Griya Waras Pétronélla ngubungaké griya waras utama lan griya waras buruh saka jaringan tilpun. Nanging, klinik ing Pabrik Gula Randhugunting iki ora suwé. Ing 1931, ana kesepakatan perdhagangan gula kang katépang Charbourne Agreement sing gawé Indonesia kudu ngurangi pasokan gula kang imbas ing akehe pabrik gula kang tutup, kalebu pabrik gula Randhugunting ing taun 1934.
Rikala Agresi Militer II, Walanda ngupakara bali njajah Indonesia, klinik kasebut dadi bangsal kang diancurke para penjajah supaya ora digunakake dening pejuang dadi lokasi pertahanan. Sanadyan kanthi wangun ora sampurna, nanging eksistensi klinik tetep diupayakake tekan wektu iki. [2]
Cérobong Pabrik
[besut | besut sumber]Struktur cerobong Pabrik Gula Randhugunting dhisik ya iku perangan saka pabrik gula Randhugunting. Wangunan kasebut nduwéni fungsi dadi saluran pembuangan kebul tungkup masak gula lan digawe dhuwur kanggo ngurai kebul. Wangunan kasebut nduweni dhuwur 12,1 meter. Pondhasiné sadhuwur 2,5 meter lan amba 8,3 meter x 8,3 meter. Tembok nduweni kandel sawatara 1,6 meter lan perangan jero ana bolongan berdiameter 4,24 meter. Wangunan iki nduweni lengkungan saamba 1,4 meter lan dhuwur 7,2 meter. Matérial panyusun kagawe saka watu kali kanggo pondhasi lan bata ing perangan tembok. Material kasebut diraketake karo campuran semen PC, pasir lan kapur. Sanadyan nduweni ukuran cukup gedhe, nanging wangunan kasebut ora migunakake balung wesi. Pérangan jero cerobong nduweni béntuk bundheran. Ing dhuwur wangunankasebut dhisik ana perangan cerobong kaya silinder kang luwih dhuwur, nanging perangan kasebut wis dirobohké. Wangunan iki nduweni hiasan arupa molding ing perangan dhuwur.[3]
Bangsal Pérawatan
[besut | besut sumber]Wangunan bangsal pérawatan ana ing papan sisih wetan, wangunan iki dhisik dinggo ruwang rawat inap pasién. Bangsal pérawatan nduweni dawa 48,38 meter lan amba 10,10 meter. Wangunan kasebut nduweni payon kaya limas karo panutup kang agawé saka genteng, sawetara temboke digawé saka bata. Bangsal iki dijangkepi karo émpéran ing sandhingé, ing perangan ngarep ana pondhasi bekas payon kuncung. Pérangan jogan agawé saka plesteran semen, perangan bangsal pérawatan kabangun saka telung ruwangan, yaiku bekas ruwang pérawatan pasien lanang, ruwang pérawatan pasien wadon, lan ruwang tengah. Bekas wangunan bangsal pérawatan saiki ora digawé, sawetara perangan ruwang tengah digawé dening sa kulawarga pensiunan buruh Griya Waras Bethesda Yogyakarta
Kantor
[besut | besut sumber]Sandhing kulon bangsal perawatan, ana wangunan kang biyén kanggo kantor ukuran 13 meter x 13 meter. Wangunan kasébut nduwé payon kabéntuk Dutch-hip lan tutupané digawé saka génteng. Wangunan iki léngkap ana émpérané. Saiki wangunan kasébut wus ora digawé manéh.
Griya Dinas Mantri
[besut | besut sumber]Sisih kulon bangsal bekas kantor ana bangsal bekas omah dinas mantri ukuran ambané 8,13 meter lan dawa 25,89 meter. Bangsal iki nduweni payon kaya limaskaro panutup kagawe saka genteng. Bangsal iki isih nduweni jendhela lan lawang repyak suwe. Ing tembok gable, ana bolongan ventilasi kaya bundheran. Saiki bangsal kasébut wis ora digawé manéh.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Dinas Kebudayaan Yogyakarta. "Eks Pabrik Gula Randugunting". Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Dibukak ing 2025-5-27.
{{cite web}}: Check date values in:|access-date=(pitulung)[pranala mati permanèn] - ↑ Times, I. D. N.; Ayu, Dyar. "Kisah Pabrik Gula Randugunting dan Klinik Kesehatan Pertama". IDN Times Jogja . Dibukak ing 2025-06-01.
- ↑ Dinas Kébudayaan Sléman, Kundha Kabudayan Kabupatén Sléman (2022-12-08). "Cérobong Pabrik Gula Randugunting". Wébsité. Dibukak ing 2025-06-1.
{{cite web}}: Check|archive-url=value (pitulung); Check date values in:|access-date=(pitulung)