Zubir Said
Zubir Said (lair ing Fort de Kock (sapunika kutha Bukittinggi, Sumatra Kulon), Hindia Walanda, 22 Juli 1907 – tilar donya ing Singapura, 16 November 1987 kanthi yuswa 80 taun), inggih menika satunggalipun komposer Singapura ingkang asalipun saking dhaérah Minangkabau ing Indonésia ingkang sampun ngripta lagu kabangsan saking Singapura, Majulah Singapura ("Mugia Majeng Singapura").[1] Zubir Said menika satunggalipun musisi otodhidhak.[1] Panjenenganipun ugi nyambut damel minangka panyerat lagu lan arranger kanggé grup Cathay-Keris Film Productions sadangunipun kalih welas taun.[1] Panjenenganipun ugi nyerat kanggé film Melayu ing kathah parusahaan. Panjenenganipun pinitados sampun ngripta 1.500 lagu, ananging namung 10% kemawon ingkang sampun dipunrekam.[1] Zubir Said misuwur minangka komposer kanthi "jiwa Melayu sejati", lagu-lagunipun gegayutan kaliyan pesen sajarah lan aksioma Melayu.[1]
Wiwitanipun [sunting]
Zubir Said menika putra kapisan saking tigang sadhèrèk jaler lan gangsal sadhèrèk èstri, panjenenganipun miyos tanggal 22 Juli 1907 ing Bukittinggi ing Minangkabau, dhataran inggil Sumatra Kilèn, Indonésia.[2] Ibunipun tilar donya nalika Zubir nembe yuswa pitung taun.[3] Panjenenganipun naté sekolah ing sekolah Walanda, ananging panjenenganipun boten remen kaliyan studi akadhemis.[3] Panjenenganipun remen kaliyan musik wiwit dipuntepangaken sistem musik Solfa déning gurunipun.[3] Salah satunggal kanca satunggal kelas ing sekolah dhasar (SD) ngajari Zubir sinau piranti musik suling, lan ing sekolah manengah, panjenenganipun sinau gitar lan drum.[3] Nalika panjenenganipun kuliyah, panjenenganipun sinau keroncong.[3]
Pranala Njawi [sunting]
- Cornelius-Takahama, Vernon (29 September 1997), Zubir Said, Singapore
Infopedia, National Library Board, http://infopedia.nlb.gov.sg/articles/SIP_115_2005-01-19.html.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e "Universal Music to handle Zubir Said's songs", The Straits Times (Life!), 24 August 2007; See also Noelle Loh (7 October 2007), "Tuning in anew to Zubir Said: He might be known for Majulah Singapura, but the late composer's other works are set for a new lease of life", The Straits Times, http://www.straitstimes.com/Free/Story/STIStory_164642.html.
- ^ Vernon Cornelius-Takahama (29 September 1997), Zubir Said, Singapore Infopedia, National Library Board, http://infopedia.nlb.gov.sg/articles/SIP_115_2005-01-19.html.
- ^ a b c d e Bahizal Abu Bakar (2 May 2006), Malaysia Music Composer/Arranger past and present: Zubir Said, http://bahizal.blogspot.com/2006_05_01_bahizal_archive.html.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
