Zinédine Zidane
Zidane ing 2008 |
|||
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Zinedine Yazid Zidane | ||
| Tanggal lair | 23 Juni 1972 (umur 40)[1] | ||
| Papan lair | Marseille, France | ||
| Dhuwur | 1,85 mèter | ||
| Posisi pamain | Midfielder | ||
| Karir remaja | |||
| 1982–1983 | US Saint-Henri | ||
| 1983–1986 | SO Septèmes-les-Vallons | ||
| 1986–1988 | Cannes | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 1988–1992 | Cannes | 61 | (6) |
| 1992–1996 | Bordeaux | 139 | (28) |
| 1996–2001 | Juventus | 151 | (24) |
| 2001–2006 | Real Madrid | 155 | (37) |
| Total | 506 | (95) | |
| Tim nasional | |||
| 1991–1994 | France U-21[2] | 18 | (3) |
| 1994–2006 | Prancis | 108 | (31) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only. † Appearances (Goals). |
|||
Zinédine Zidane inggih menika salah satunggalipun pemain bal-balan saking Prancis.[3] Zinédine Zidane lair tanggal 23 Juni 1972 ing Prancis. [3][4] Zidane nggadhahi nama sanès Zizou.[5] Tiyang sepuhipun Zinédine Zidane asalipun saking Aljazair.[3] Nalikanipun taksih alit, Zidane kirang remen sekolah, piyambakipun langkung remen main bal-balan.[3] Ing yuswa 16 taun, salah satunggalipun tiyang ingkang asmanipun Jean Varraud ngrekrut Zidane dhateng Cannes.[3] Setunggal taun salajengipun, Zidane main ing tim senior klub divisi setunggal Prancis, inggih ing klub Bordeaux ing taun 1992.[3] Wonten ing klub menika, Zidane main ngantos dumugi final piala UEFA taun 1995-1996.[3] Amargi prestasinipun menika saged damel klub Juventus remen lan kepengin nyéwa jasanipun Zidane.[3] Zidane lajeng pindhah dhateng klub Juventus, salah satunggalipun klub divisi setunggal ing negeri Italia.[3] Ing klub Juventus, Zidane saged ngrebut piala UEFA, piala Super Éropa, lan piala Interkontinental.[3] Zidane ugi saged menangaken Juventus ing liga Calcio Italia ing taun 1997 lan 1998. Sanèsipun menika, ing taun 1997 lan 1998 Juventus ugi saged mlebet final liga Champions.[3] Wonten ing kompetisi internasional, Zidane dados kembang lambé sasampunipun saged mbekta tim Prancis ngrebut gelar Piala Dunia taun 1998 lan Euro ing taun 2000.[3] Zidane sampun pikantuk pinten-pinten penghargaan, piyambakipun naté pikantuk pemain paling saé sadonya ing taun 1998, 2000, lan 2003. [3]
Pranala jaba [sunting]
- (fr) Situs resmi Zidane
- (en) Profil sebagai pemenang gelar Pemain Terbaik Piala Dunia 2006
- (en) Video Zidane
Cathetan suku [sunting]
- ^ "Zinedine Zidane's career timeline and detailed statistics". Footballdatabase.com. 6 October 2001. http://www.footballdatabase.com/index.php?page=player&Id=11&b=true&pn=Zinedine_Yazid_Zidane. Retrieved 28 April 2011.
- ^ "Zidane's record with France U-21". Rsssf.com. http://www.rsssf.com/tablesf/fran-u21-intres-det.html. Retrieved 28 April 2011.
- ^ a b c d e f g h i j k l m (en)Zidane(dipunundhuh tanggal 9 Juni 2011)
- ^ (en)Zinedine Zidane(dipunundhuh tanggal 9 Juni 2011)
- ^ (en)Zinedine Zidane(dipunundhuh tanggal 9 Juni 2011)