Zhang Heng
Zhang Heng (Cithakan:Lang-zh) yaiku salah sijiné astronom, matématikawan, panemu, géograf, kartograf, artis, penyair lan negarawan.[1] Zhang Heng iku asalé saka Nanyang, Henan.[1] Zhang Heng iku urip nalika jaman Wangsa Han Wétan ing Cina.[1] Zhang Heng éntuk pendhidhikan ing Luoyang lan Chang'an.[1] Zhang Heng miwiti kariré kanthi dadi pegawé negri ing Nanyang.[1]
Zhang Heng iku wong Cina kang sepisanan nggawé alat kanggo ndhetèksi gempa bumi utawa lindhu.[2] Alat iki diarani seismograf.[2] Saliyané iku Zhang Heng uga nduwèni kontribusi kang gedhé tumprap astonomi tetanèn.[2] Nalika taun 123 Zhang Heng nggawé tanggalan kanggo nitèni mangsa lan iklim.[2] Zhang Heng nggawé alat kang bentuké kaya tabung utawa silindher kanthi naga kang cacahé wolu ing nduwuré.[2] Saben naga diwènèhi bal ing cangkemé.[2] Déné ing ngisoré tabung arupa kodhok kang cacahé wolu.[2] Kodhok iki manggon persis ing sangisoré endhas naga.[2] Nalika ana lindhu, bal kang ana ing cangkemé naga bakal metu saka cangkem naga lan mlumpat ing cangkemé kodhok lan nggawé irung.[2]
Zhang Heng uga nyalahaké téoriné Hun.[2] Hun nerangaké yèn bumi iku manggon ing sanjeroné langit.[2] Kaya endhog kang putih kang ngrungkepi endhog kang kuning.[2] Ananging Zhang Heng nerangaké yèn langit iku amba lan bumi iku cilik.[2]
Cathetan sikil [sunting]
]