Zeeland

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Zeeland iku sawijining provinsi ing Walanda. Provinsi iki nduwé pedunung 355.000 jiwa lan ambané 1.785 km2. Zeeland dunungé ana ing sisih kidul-kulon Walanda lan awatesan karo Holland Kidul ing sisih lor, Brabant Lor ing sisih wétan lan Belgia ing sisih kidul. Provinsi iki utamané dumadi saka rong bagéan: kapuloan lan tanah dharat. Bagéan kapuloané saiki wis digandhèngaké karo dharatan mawa kreteg. Bagéan dharatané dijenengaké Zeeuws-Vlaanderen lan iku siji-sijiné tlatah Walanda sing ora kagandhèng karo wilayah Walanda liyané sacara dharat. Nanging wiwit taun 2003 ana gandhèngan trowongan ing ngisor sagara. Zeeland iku daérah dèlta lan sungabé Kali Maas lan Kali Schelde.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Zeeland&oldid=494462"