Zayed Khan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Zayed Khan ज़ैईद ख़ान
Lair Zayed Abbas Khan
05 Juli 1980 (umur 32)
Mumbai, Maharashtra, India
Pakaryan Aktor
Garwa Mallaika Parekh Khan (2005–saiki)
Website
http://zayedkhan.info/

Zayed Abbas Khan (ज़ैईद ख़ान, 05 Juli 1980 (umur 32)) dheweké kuwi aktor saka India. [1] Dheweké kuwi aktor India kang sering mainaké peran ning film-film Bollywood. [1]

Bab lan Paragraf

Kaluwarga [sunting]

Wong tuwané Zayed Khan kuwi uga anggota kang misuwur saka lingkungan artis Bollywood, amerga wong tuané loro kuwi mantan aktor Bollywood Sanjay Khan lan interior desainer Zarine Khan.[1] Zayed Khan kuwi anak bontot saka papat sadulur.[1] Kakangé kuwi garwa saka aktris Ajay Arora yakuwi Simone Khan, kakangé liyané maneh kuwi garwané Hrithik Roshan, kang jenengé Sussanne Roshan lan kakangé sing liyané kuwi garawané DJ Aqeel yakuwi Farah Khan Ali.[1]

Zayed Khan uga esih anduweni hubungan kakaluwargan karo Ferdeen Khan.[1] Ferdeen Khan kuwi sepupuné kang melu dadi aktor ning donya film India, Fardeen Khan, kang nyatané anak saka produser kondhang Feroz Khan kuwi esih anduweni hubungan saduluran karo bapaké, Sajay Khan.[1] Ferdeen Khan kuwi ponakané Sanjay Khan, Ferdeen karo Zayed esih anduweni hubungan sapupu.[1]

Karir [sunting]

Ning donya perfilm India, Zayed Khan miwiti debut kariré ning taun 2003. Film kaping pisanan kang dibintangi dening dheweké yakuwi film kang diwenehi judul Liyaa Hai Tumne Chura.[2] Sawisé meranaké tokoh ning film kasebut, kariré dilanjutaké karo mbintangi film "Main Hoon Na", film kang dadi hits paling gedhe sasuwené dheweké njegur ning donya film.[1] Nuli, dheweké metu maneh ning film kang judulé "Rocky: The Rebel".[2] Ora namung kuwi, esih ana maneh film-film kang tau dibintangi deneng dheweké sacara kusus.[1]

Bebungah [sunting]

Bebungah kang tau ditarima dening Zayed Khan:

Filmografi [sunting]

Taun Film Role Cathetan
2003 Chura Liyaa Hai Tumne Vijay Chouhan/Prakash Yogi/Vishal Malhotra Nominated, Filmfare Award for Best Debut Actor
2004 Main Hoon Na Lakshman Prasad Sharma (Lucky) Nominated, Filmfare Award for Best Supporting Actor
2005 Shaadi No. 1 Veer
Dus Aditya Singh
Shabd Yash
Vaada Karan
2006 Rocky: The Rebel Rocky
Fight Club - Members Only Vicky Khanna
2007 Cash Dhananjay
Speed Sandeep Arora
Om Shanti Om Himself Special appearance in song "Deewangi Deewangi"
2008 Mission Istaanbul Vikas Sagar
Yuvvraaj Danny Yuvvraaj
2009 Blue Sam / Aditiya
2010 Anjaana Anjaani Kunal Nanda Special appearance
2011 Sharafat Gayi Tel Lene Under-Production
Tezz Filming

Cathetan sikil [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j (id)biografi Zayed Khan dipununduh tanggal 20 Agustus 2011
  2. ^ a b (id)vidio Zayed Khan dipununduh tanggal 20 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Zayed_Khan&oldid=832384"