Yusuf Islam
| Yusuf Islam/Cat Stevens | |
|---|---|
Cat Stevens di Jerman, 1976
Courtesy: William McElligott |
|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Steven Demetre Georgiou |
| Alias | Steve Adams, Yusuf |
| Asal | London, Inggris |
| Génré | Folk rock Pop Nasyid Puisi |
| Pegawéyan | Pencipta, Musisi, Filantropis, |
| Instrumèn | Vokalis, Gitar, Bass, Piano, Mellotron |
| Taun aktif | 1966–1980 (dengan nama Cat Stevens) 1995–present (dengan nama Yusuf Islam) |
| Label | Decca Records,
Island Records, A&M, Polydor, Jamal Records, Atlantic/Ya Records |
| Magepokan karo | Alun Davies |
| Situs wèb | http://www.yusufislam.org.uk |
Yusuf Islam yaiku sawijining superstar musik donya ing era 60 dan 70-an. Dheweke ninggalake gemerlaping donya kanggo dadi muslim ndadekake dheweke entk pituduh-pituduh kang ora jelas saka medhia sahingga sempet ditudhuh nduweni kaitan karo teroris, padhahal sing dilakokake dhweke ora liya kanggo kagiyatan kamanungsan lan nyebar keapikan.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Lair
Yusuf Islam utawa Cat Stevens lair kanthi jeneng Steven Demetre Georgiou tanggal 21 Juli 1948 ing London, Inggris. Yusuf kenal musik ing umur kang relatif nom. Nalika umur 12 taun, Yusuf wis bisa nggunakake piano, mulai sinau dolanan gitar lan nulis tembang. [2]
[sunting] Karier
Yusuf mulai karire ing donya musik kanthi dolanan lagu-lagu ''folk' ing ''cafe'' lan ''pub'' ing panggonane dheweke. Taun 1966 nalika Yusuf 18 tahun, Mike Hurst, sawijining produser ngenyang dheweke kanggo rekaman gawe album. Album pertama Yusuf kang judule MATTHEW AND SON metu ing taun 1967 lan kasil mlebu 10 gedhe album ing Inggris. ing wektu singkat, popularitas Cat Stevens munggah. Ing umur kang nembe 18 taun, Cat Stevens wis sepanggung karo musisi kelas dhuwur kayata Jimi Hendrix lan Engelbert Humperdinck. [2]
Yusuf Islam saiki uga dadi da’i kang ngabdikake uripe kanggo dakwah. Dheweke uga mbangun lan lembaga karitas, kanggo nulungi wong-wong kere ing akeh negara lan terus ningkatake pemahaman masyarakat Barat klawan Islam saka pendhidhikan lan dakwah. Yusuf Islam banget priatin klawan bangsa Arab, lan nduweni simpati kang gedhe karo gerakan rakyat ing donya sing kepingin entuk kebebasan lan kamardikan uga owah-owahan. Yusuf Islam wis nyumbangake tembang-tembang klasik kayata Wild World, Morning Has Broken and Peace Train.Tembange mau bakal kanggo dipersembahake kanggo rakyat ing donya Arab. [3]
[sunting] Cat Steven lan Islam
Cat Stven mlebu Islam amarga mula-mulane nalika dheweke lagi dolan ing malibu (1975), dheweke keseret ombak nalika renang ing pantai. Ing kahanan kang kaya mau, dheweke ngomong, “Oh God! If you save me, I’ll work for you”, lan kanthi alon-alon ombak mau njujugake dheweke ing pantai maneh. Lan akhire dheweke mulai goleki Tuhan nganti sedulur kandunge menehi terjemahan saka Alquran. Saka kono dheweke sadhar kaendahane Islam. Lan mlebu Islam taun 1977, uga nggenti jeneng dadi Yusuf Islam taun 1978.Dheweke milih jeneng Yusuf amarga saking senenge klawan kisah nabi yusuf ing Al Quran (Joseph ing versi Inggrise). [4] Keputusan Cat Stevens kanggo mlebu Islam akhire dilaksanakake kanthi ngrampungi karir bermusik Cat Stevens kang lagi ana ing puncak wektu kuwi lan saiki luwih aktif ing kegiatan agama lan sosial. ing sekitar taun 1995 Yusuf Islam terjun maneh ing donya musik tapi luwih fokus ing musik religius.[2]
[sunting] Kulawarga
Bapake yaiku Stavros Georgiou, saka Siprus keturunan Yunani. Ibuke saka Swedia jenenge Ingrid Wickman. [5]
[sunting] Karya
- A is for Allah
- if you ask me
- I Look I See
- dll
Sakliyane entuk akeh penghargaan ing bidang kemanusiaan, Cat Stevens uga ulih akeh penghargaan saka donya musik saka penulis tembang.
[sunting] Pranala jaba
- (en) Yusuf Islam Situs web resmi
- (en) Mountain of Light Official record label of Yusuf Islam
- (en) CatStevens.com Situs tak resmi milik seorang penggemar