Yui Yoshioka

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

[sunting] Profil Yui Yoshioka

Yui Yoshioka inggih punika gadhahi profil:

  1. Asma Lair : Yoshioka Yui
  2. Zodiak : Aries
  3. Shio : Kelinci
  4. Hobi : nilari film, maos buku, batminton
  5. Nginggilipun : 155 cm
  6. Golongan getih : AB
  7. Papan favorit : pante Shing ing Fukuoka

[sunting] Karir

Karier saking Yui dipunwiwiti kanthi nyerat tembang nalika kelas 3 SMP. Yia nggadhahi pangajeng-ajeng dados penyanyi, lan tindhak ing pundhi kemawon kanthi tansah mbekta gitaripun. Nalika SMA, piyambakipun asring mirsani klompok musik bianca nero ing margi, lan pungkasanipun mandheg sekolah. Yui miwiti sinau nyanyi, nyerat lagu, lan maenaken gitar ing kursus musik kitha Fukuoka.

sinambi sila ing kasur, Yi maenaken gitaripun lan nyerat tembang ingkang pisanan kanthi irah-irahan Why me. Sasampunipun punika, piyambakpun miwiti nyanyi ing pinggir margi inggih punika ing kawasan Tenjin, Fukuoka minangka atraksi pambuka tumrap kanca ingkang sami-sami wonten panggenan kursus musik.

Ing sasi Maret 2004, Yui nderek audisi SD Audition ingkang dipunwontenaken dening Sony Music Japan. Yui lenggah sila, lan kados nembang tigang tembang inggih punika “Why Me”, “It’s Happy Line”, lan “I Know”. Pungkasanipun juri ngaturi nile kang paling nginggil. Sesampunipun punika perusahaan rekaman sami rerebutan ngontrak Yui. Tigang tembang dipundadosaken single sepisanan Yui. Tembang It’s Happy Line, lan “I Know” dipunterbitaken ing single indie. Feel My Soul ingkang dipunrilis tanggal 23 Februari 2006 dipundadosaken tembang tema drama Fukigen na Gene. Serial drama punika dipunhiasi kanthi tembang-tembang Yui kadosta Feel My Soul lan It’s Happy Line. Single Feel My Soul kasade 100 ewu keping.[1] Sapanunggalipun punika Yui bintangi film kang gadhahi irah-irahan Midnigt Sun (Taiyo no Uta). Film punika kaputar ing Festival Fil Cannes 2006 lan dirilis ing Jepang 17 Juni 2006. Single kaping 5 Good-bye Days kusus dipunsrat kangge film punika. Asma Yui kaangkat malih amargi single I Remember You. Sapanunggalipun punika album kaping 2 inggih punika Can’t Buy My Love wonten ing puncak tangga tembang album Oricon kanthi 2 minggu dangunipun, lan saged pajeng langkung saking 500 ewu keping.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. (id)recyclebin.web.id(dipuntingali tanggal 16 Agustus 2011)
  2. (id)fototerbaru.com(dipuntingali tanggal 16 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yui_Yoshioka&oldid=677148"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès