Yingluck Shinawatra
|
Yingluck Shinawatra
ยิ่งลักษณ์ ชินวัตร |
|
|
Perdhana Mentri kaping 28 - kapilih
|
|
|---|---|
| Miwiti Mengku jabatan 8 Agustus 2011 |
|
| Panguwasa monarki | Bhumibol Adulyadej |
| Bakal nggantèkaké | Abhisit Vejjajiva |
|
|
|
| Lair | 21 Juni 1967 (umur 45) San Kamphaeng, Thailand |
| Partai pulitik | Partai Pheu Thai |
| Pasangan | Anusorn Amornchat |
| Anak | Supasek Amornchat |
| Almamater | Universitas Chiang Mai Universitas Negeri Kentucky |
| Agama | Buddha Theravada |
Yingluck Shinawatra (lair 21 Juni 1967) inggih menika tiyang èstri ingkang pisanan ingkang sampun jumeneng nata minangka perdhana mentri Thailand.[1] Yingluck Shinawatra menika rayinipun tilas perdhana mentri Thailand Thaksin Shinawatra.[1][2] Panjenenganipun kalebet lulusan bidhang ilmu politik lan administrasi bisnis, lan angsal gelar master ing Universitas Negeri Kuntucky, Amerika Serikat.[1] Yingluck Shinawatra nggadhahi kaunggulan inggih menika sae anggenipun gesang ing bebrayan, satunggalipun kaunggulan personal ingkang ndadosaken Yingluck Shinawatra saged ngalahaken Abhisit Vejjajiva ing pemilu.[1] [2] Proses kampanye déning partai politik Phue Thai ingkang dipunpandhégani Yingluck Sinawarta nawakaken Visi Thailand 2020.[3] Rayinipun Thaksin Shinawatra, tilas PM ingkang dipungulingaken dening militer gangsal taun kapengker, kadosipun badhé ngadhepi alangan kalebet dobrakan tradisi tiyang jaler ingkang tansah dados perdana menteri.[4]
Bab lan Paragraf |
Karier [sunting]
Yingluck Shinawatra naté dados presidhèn Advanced Info Service (AIS), satunggalipun operator selular paling ageng ing Thailand] sadèrèngipun dipunsadè dhateng Tamasek saking Singapura.[1] Yingluck Shinawatra ugi nate dados Presiden SC Asset, parusahaan kagunganipun kulawarga Shinawatra.[1] Yingluck ugi dados bendhahara Parte Puea Thai ingkang dipunwangun dhening Thaksin Shinawatra.[1]
Kulawarga [sunting]
Yingluck Shinawatra palakrami kaliyan Anusom Amornchat lan kagungan putra setunggal, Pipe.[1]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h (id)[Ant/tig. 2011. Koran Warta Jateng 4 Juli 2011. Semarang:Warta Jateng]
- ^ a b (id)Siapakah Sosok Yingluck Shinawatra? dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)
- ^ (id)PKS Pantau Pemilu Thailand dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)
- ^ (id)Mampukah Yingluck Shinawatra memimpin Thailand? dipunundhuh tanggal 14 Juli 2011)