Yeot
Yeot (엿) yaiku jinis permen lan pemanis tradisional kas Korea kang biyasa dilapisake ing bahan roti-roti.[1] Yeot kira-kira wis digawe dening masarakat Korea kawit jaman kuno.[1][2] Wong Korea nggunakake yeot minangka pemanis lan minangka panganan entheng, lan jajanan kang biyasa diwenehake simbah kakung lan simbah putri marang putu-putune.[1] Yeot misuwur minangka manisan kang diwenehake marang pelajar kang melu ujian.[1] Ing basa Korea, ana istilah "kanthil karo ujian", mula pelajar ing Korea bakal diwenehi permen yeot kang kanthil supaya padha lulus ujian.[1] Mula nalika mangsa ujian, akeh wong kang dodolan yeot ing dalanan.[1]
[sunting] Carane gawe
Nalika gawe, yeot umume digawe saka beras kang difermentasekake.[1] Carane sega kang wis dimasak, dicampurake karo glepung ragi, digodhog, disaring nganggo saringan.[1] Banyu godhogan asil saringan bakal digodhog maneh kang suwene sewengi lan ngasilake sari beras kang legi lan kenthel kang diarani mullyeot (sirup yeot) utawa jocheong.[1] Yen jocheong dimasak maneh nganti suwe, bakal dadi atos lan mbentuk manisan kang diarani permen.[1]
[sunting] Jinis
- Gangnyeot, jinis permen kang wernane abang tuwa.
- Buinnyeot, permen kang bentuke tipis lan dawa.
- Kongnyeot, jinis permen kang diwenehi wijen lan kacang kedelai.
- Pannyeot, permen kang diwenehi glepung kacang kedelai.