Yeoju

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kabupaten Yeoju
Yeongneung
Kuil Shilleuk

Yeoju (여주군) yaiku sawijining kabupaten kang dumunung ing propinsi Gyeonggi, Korea Kidul.[1] Kabupaten Yeoju ana ing 80 km saka Seoul lan diilini dening Kali Namhan kang diarani Yeogang atau Sungai Yeo ing tlatah iki.[1] Kali Yeo minangka aliran paling wigati ing Yeoju kang digunakake kanggo mbanyoni lahan pertanian lan minangka jalur transportasi.[1] Kabupaten Yeoju dihubungkan karo Seoul lumantar Jalan Tol Yeongdong mula nggampangake akses ing wilayah mau.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Kuburan raja-raja Dinasti Joseon

Ing sisih kulon laut Yeoju ana Yeongneung, yaiku kuburan Raja Sejong (bertahta 1418-1450) lan Ratu Sohyeon.[2] Komplek makam Raja Sejong dilapisi sesuketan kandel lan diubengi wit-witan pinus.[1] Kuburan liayane kang cedhak karo Yeongneung yaiku kuburan Raja Hyojong kang dadi pemerintah ing taun 1649-1659.[1]

[sunting] Kuil Shilleuk

Shilleuksa utawa Kuil Shilleuk yaiku kuil Buddha kang ana ing sisih wetan laut Yeoju.[1] Kuil Shilleuk kira-kira dibbangun dening Wonhyo, biksu Silla ing mangsa pemerintahan Raja Jinpyeong (579-632).[1] Kuil iki dikenal amarga duweni pemandangan endah saka paviliune kang diarani Yeongwollu dianggep unik amarga ana ing pinggir kali, beda karo kuil Buddha liyane kang dibangun ing pegunungan lan adoh saka permukiman warga.[1]

[sunting] Desa marga Min

Desa Shinjeom ing sisih lor Kuil Shilleuk yaiku kampung utama marga Min ing Korea. Tokoh-tokoh kang asale saka marga Min yaiku Ratu Min utawa Maharani Myeongseong lan Min Yeong-hwan.[1] Ratu Min ayaiku ratu Korea kang pungksan ing mangsa Dinasti Joseon kang dipateni dening mata-mata Jepang ing Istana Gyeongbok.[1] Cilikane Ratu Min manggon ing Desa Neunghyeon.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l Kim, Joo-young (Autumn 1997). "Yeoju". Koreana 11.
  2. (en)A Trip to Royal Tombs of the Joseon Dynasty, visitkorea. Diundhuh tanggal 2 Juni 2010.

Cithakan:Korea-stub

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yeoju&oldid=677025"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès