Kitab Yéhèzkièl

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

(Dipindhah saka Yehezkiel)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Kitab Yéhèzkièl (Ibrani ספר יחזקאל Sefer Yekhezkel) iku asmaning sawijining kitab ing Alkitab Prajanjian Lawas. Sing nulis iki dianggep sang nabi Yéhèzkièl. Ing Al-Qur'an, nabi iki uga ana lan diarani Zulkifli.

Miturut Alkitab, nabi Yehezkiel manggon ing papan pambuwangan ing Babel, sadurungé lan sawisé Yerusalem dibedhah ing taun 586 SM. Welingané diwènèhaké marang wong-wong sing dibuwang ing Babel lan sing wis padha manggon ing Yerusalem.

[sunting] Isi

Kitab Yéhèzkièl bisa dipérang dadi patang bageyan wigati, yakuwi:

  1. Paringatan marang umat Israel yen Gusti Allah bakal dumendha kabèh wong lan Yerusalem bakal dibedhah rusak.
  2. Weling saka Gusti Allah yèn Sampéyan Dalem kersa dumendha bangsa-bangsa liya sing nyiya-nyiya lan nasaraké umat Gusti.
  3. Panglipur kanggo Israel sawisé Yerusalem binedhah, lan janji bab masa ngarep sing luwih padhang.
  4. Gambaran Yéhèzkièl bab Baitallah lan bangsa sing wis dibangun anyar manèh. Yéhèzkièl iku wong sing teguh imané lan hébat daya imajinasiné. Sebageyan gedhé wewelingé olèhé wruh amarga pinaringan wangsit-wangsit wahyu, lan kabèh dikandhakaké marang wong Israel awujud pakaryan sing dadi lambang sing cetha kanggo bangsa Israel. Yéhèzkièl wanti-wanti perluné dianakaké pambangunan anyar ati lan jiwa, sarta tanggung-jawabing kabèh wong marang dosa-dosané dhéwé. Ing jawatané dadi nabi, Yehezkiel mènèhi pawigatèn kusus marang Baitallah lan wigatiné urip miturut kersaning Gusti.

[sunting] Uga delengen


 
Alkitab

Prajanjian Lawas: Purwaning Dumadi | Pangentasan | Kaimaman | Wilangan | Andharaning Torèt | Yosua | Para Hakim | Rut | I Samuel | II Samuel | I Para Raja | II Para Raja | I Babad | II Babad | Ezra | Nehemia | Ester | Ayub | Masmur | Wulang Bebasan | Juru Kotbah | Kidung Agung | Yésaya | Yérémia | Kidung Pasambat | Yéhèzkièl | Danièl | Hosea | Yoel | Amos | Obaja | Yunus | Mikha | Nahum | Habakuk | Zefanya | Hagai | Zakharia | Maleakhi
Deuterokanonika: Tobit | Kitab Yudit | Tambahan Ester | Kawicaksanan Salomo | Kitab Yesus bin Sirakh | Kitab Barukh | Tambahan Daniel | I Makabe | II Makabe
Prajanjian Anyar: Injil Matius | Injil Markus | Injil Lukas | Injil Yohanes | Para Rasul | Layang Paulus Roma | I Korintus | II Korintus | Layang Paulus Galatia | Layang Paulus Efesus | Filipi | Layang Paulus Kolose | I Tesalonika | II Tesalonika | I Timotius | II Timotius | Titus | Filemon | Layang Ibrani | Yakobus | I Petrus | II Petrus | I Yohanes | II Yohanes | III Yohanes | Layang Yudas | Kitab Wahyu
Artikel Kagandhèng: Torèt | Tanakh | Septuaginta | Injil

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Kitab_Y%C3%A9h%C3%A8zki%C3%A8l"