Xiao
Xiao (萧) yaiku jeneng piranti musik tiup arupa sruling vertikal kang asale saka Cina.[1][2] Xiao kang paling tuwa ditemokake ing kuburan Raja Zeng ing Provinsi Hubei nalika taun 1978.[2] Xiao iki asale saka Periode Negara Perang(475-221 SM) lan kasusun saka 13 sruling kanthi dhawa kang beda-beda.[2] Xiao ing mangsa Dinasti Qin lan Han kanthi pathokan Paixiao, sruling cacah 16 yaiku sruling datar kang duweni pipa akeh kanggo nada.[1][2] Sejarah Xiao jarake luwih saka 3.000 taun suwene.[2] Seni Paixiao mulai ilang nalika Dinasti Song.[1] Xiao modern asale saka Dongxiao Dinasti Han.[1] Xiao modern mung duwe 1 sruling lan gampang dimaenake.[2]
Xiao ngasilake swara kang lembut, bisa dimaenake kanthi ijen utawa orkestra.[1][2] Nadane bisa ditarik dhawa saengga bisa nuduhake prasaan lembut, tenang lan sentimental.[1][2]
Chathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.