Wong Oroqen
| Oroqen |
|---|
| Gunggung populasi |
|
8,000 (est.) |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
| China: Heilongjiang, Inner Mongolia |
| Basa |
| Oroqen |
| Agama |
| Shamanism, Buddhism |
| Kelompok etnis paling cedhak |
| Evenks, other Tungusic peoples |
Wong Oroqen utawa Suku Oroqen yaiku salah siji suku saka 56 suku kang ana ing Republik Rakyat Cina.[1] Cacahe wong Oroqen Tiongkok nganti 8000 wong luwih. Suku bangsa iki uripe ing pegunungan Xing'an, papan kang ana ing antarane Panggon Otonom Mongolia Jero lan Propinsi Heilongjiang, pase ana ing Kabupaten Otonom Oroqen Keresidenan Hulunboir Panggon Otonom Mongolia Jero.[2] Basa kang digunakake yaiku basa Oroqen kang kagolong ing rumpun basa altai.[2] Suku Oroqen ora nduweni aksara dhewe, aksara kang digunakake yaiku aksara Mandarin.[2] Oroqen nduweni teges jejuluk kanggo wong kang urip ing pengunungan utawa warga kang nduwei rusa kutub.[2] Jeneng oroqen ana ing cathetan sajarah wiwit Dinasti Qing.[2] Mbah buyute suku Oroqen ndisek urip ing sakidule Pegunungan Hing'gan sajobone Propinsi Heilongjiang. Nalika abad ka-17, amarga invasi saka Rusia, warga suku Orqen nalih menyang panggonnan cedhak Lesser Pegunungan Hing'gan.[1]
Jeneng Orqen ana wiwit taun rong puluh, jaman Kangxi. Jeneng iki asring ditulis ing cathetan sajarah Dinasti Han minangka Erchun, Elechun,Eluchun, Elunqi. Sawise Republik Rakyat Cina ngadek ing taun 1949, suku iki kanthi resmi dijenengi Oroqen etnis minoritas.[1] Jaman biyen wong saka Suku Oroqn uripe kanthi cara ngajak kewan lan mancing. Sawise ngadek Cina, suku iki sithik kanthi sithik lunga saka alas lan urip netep, banjur mulai ngingoni kewan.[1]