Wong Kubu
| Populasi total |
|---|
| kurang luwih 200.000 (1996) |
| Pedunung wigati ing |
| Jambi, Indonesia |
| Suku bangsa cedhak dhéwé |
Wong Kubu utawa dikenal uga kanthi jeneng Suku Anak Dalam utawa Orang Rimba kuwi salah siji suku bangsa minoritas sing urip ing Pulo Sumatra, persisé ing Provinsi Jambi, Sumatra Kidul. Wong Kubu racaké manggon ing propinsi Jambi, kira-kira cacahé watara 200.000 orang.
Miturut tradhisi lisan wong Anak Dalam minangka wong Maalau Sesat, sing mlayu menyang alas ing saubengé Air Hitam, Taman Nasional Bukit Duapuluh, sabanjuré diarani Moyang Segayo. Tradisi liya nyebutaké yèn wong Kubu asalé saka Pagaruyung, sing ngungsi menyang Jambi. Bab iki dikuwataké anané kanyataan yèn basa lan adat wong Anak Dalam mèmper karo basa lan adat Wong Minangkabau, contoné bab adat sistem matrilineal.
Sacara umum wong Kubu urip ing 3 wilayah ekologis sing béda-béda, yaiku antarané Wong Kubu sing ana ing lor Provinsi Jambi (saubengé Taman Nasional Bukit 30), Taman Nasional Bukit 12, lan wilayah kidul Provinsi Jambi (sadawané dalan lintas Sumatra). Wong Kubu urip sacara nomaden lan golèk pangupa jiwa kanthi ajag lan ngramu, senadyan wiwit akèh sing duwé lahan karèt lan tetanèn liyané.
Kauripan wong Kubu nyedhihaké banget utamané kanthi sudané sumber daya alas sing ana ing Jambi lan Sumatra Kidul, lan prosès-prosès marginalisasi déning pamaréntah lan suku bangsa dominan (Wong Melayu) sing ana ing Jambi lan Sumatra Kidul.