Wong Acèh
| Populasi total |
|---|
| kurang luwih 3,5 yuta. |
| Pedunung wigati ing |
| Nanggroe Aceh Darussalam: 3,5 juta. |
| Basa |
| Agama |
| Suku bangsa cedhak dhéwé |
|
Wong Campa lan Wong Gayo. |
Wong Acèh iku jeneng suku sing manggon ing pucuk lor pulo Sumatra. Agamané Islam lan basa sing dipigunakaké yakuwi basa Aceh sing isih kerabat karo basa Campa.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Riwayat jeneng Aceh
Ngenani jeneng aceh, ana dongèng sing dikawruhi umum kaya mangkéné:
Sawijining dina ana puti Hindustan ilang digolèki déning seduluré nganti tekan pulo Sumatra. Satekané ing Aceh saduluré banjur ketemu puteri mau. Marang para pedunung dijlèntrèhaké menawa putri kasebut kuwi “aci”-né utawa adiné.
Amarga putri iku kinurmatan, para pedunung percaya yèn panjenengané katurunan bangsawan uga. Saka mupakat para pedunung, putri iki banjur diangkat dadi ratu (raja). Kanggo mènèhi jeneng negeri sing anyar iku banjur disebut waé “Aci”, dijupuk saka tembung sing wiwitan kaprungu diucapaké déning seduluré. Sabanjuré sebutan “Aci” iku owah dadi “Aceh”.
Crita liya, miturut Valentijn (1688), Aceh asalé saka tembung “Acai”, uga istilah Hindustani, sing tegesé éndah. Miturut dongèng iku istilah iki asring dipocapaké déning wong-wong India sing teka saka Hindustani nalika tekan Aceh, sawisé ndeleng kaéndahan talatah iki saka kapal. Amarga kasengsem wong-wong India mau banjur nyebut “Acai”, “Acai”. Merga saka kuwi negeri iki banjur diarani Acai, tanah Acai lan wusanané owah dadi tanah Aceh, tegesé tanah éndah.
[sunting] Tokoh-tokoh saka suku Aceh
- Sheikh Hamzah al-Fansuri
- Sheikh Nuruddin ar-Raniry
- Sheikh Abdurrauf utawa luwih dikenal kanthi jeneng Syiah Kuala
- Tun Sri Lanang
- Ismail al-Asyi
- Mr Teuku Mohammad Hassan
- Mohamad Kasim Arifin
- Teungku Hasan Muhammad di Tiro
- P.Ramlee atau Teuku Zakaria Teuku Nyak Puteh
- Tan Sri Sanusi Juned
- YB Dato Seri Paduka Haji Badruddin Amiruldin
- Teuku Umar
- Cut Nyak Dhien
- Cut Nyak Meutia
- Panglima Polim
- Teungku Chik di Tiro Muhammad Saman
- Sultan Iskandar Muda
- Teuku Nyak Arief
- Teungku Muhammad Daud Beureu'eh